Selasa, 21 September 2010

Tuladha Pawarta Basa jawa

GONJANG-GANJING ING KPK

Sapa ta sing durung ngerti Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK)? Mesthi meh saben wong, apa maneh sing saben dina nyimak liwat koran, tivi, lan internet wis ngerti marang KPK. Lembaga kang digawe sawise anane reformasi iki pancen dadi gawe mirisi para koruptor. Ora sethithik wong-wong saka kalangan ngendi wae klebu birokrat kang kena sandhungane KPK, kayata bupati, gubernur, kejaksaan, menteri, DPR. Malah besane presidhen SBY wae nganti keok ing tangane KPK gara-gara konangan anggone korupsi.

Pancen sawise anane lembaga KPK, akeh rekadaya kanggo mbiri tugas lan wewenange KPK. Klebu kasus-kasus sing saiki lagi diadhepi dening para panggedhening KPK, iku bisa uga minangka cara kanggo mbesmi supaya KPK ora keblabasen anggone mbrastha wong-wong sing nindakake korupsi. Pimpinan KPK digoleki kaluputane. Yen wis padha kejeblos ing pakunjaran, mesthi wae para koruptor seneng, amarga tumindake ora bakal konangan maneh dening KPK.

Kedadeyan ing minggu-minggu iki kang ngabarake perange antarane KPK mungsuh penegak hukum (kapolisen lan kejaksaan) pancen entuk kawigaten gedhe dening rakyat Indonesia. Rakyat Indonesia rumangka ora trima nalika para pimpinan KPK dituduh gawe kaluputan lan ditangkep dening kapulisen, kejaba yen pancen luput. Mulane presidhen banjur mudhun lan kepengin ngrampungake masalah iki kanthi gawe tim independen. Ing kasunyatane pancen durung ana bukti kuwat kanggo njiret kaluputane para pimpinan KPK, khususe Chandra lan Bibit. Ngono sing dikandhakake dening tim 8 kang digawe dening presidhen. Muga-muga wae, pancen kekarone ora luput lan bisa tugas maneh njiret wong-wong sing gawe rugine negara. Sasuwene birokrat akeh sing isih kena korupsi, ora bakal rakyate urip kepenak lan makmur, amarga dhuwite entek dipangan dening para koruptor.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar