Rabu, 18 November 2009

Pawarta Basa Jawi

                                     GONDORUWO NYEKEL MALING
Kabar saka Kualalumpur : Ana maling sing lagi mbobol toko ditemokake sekarat ing jero toko. Wis watara telung dina maling mau ora bisa metu, ora mangan lan ora ngombe. Nalika ditakoni dheweke ngandhakake menawa maling mau ditawan dening gendruwo.
Wakil Kepala Kepolisian Malaysia ngandhakake yen si maling apes mau dipergoki dhewe dening sing duwe toko, sing ditinggal mudhik nalika lebaran Idhul Adha. Jalaran mesakake, banjur diundangake ambulans digawa menyang rumah sakit.

Associated Press ngandhakake yen si maling bola-bali nyoba metu saka toko, nanging tetep ora bisa. Jalaran ana gendruwo sing ndhusur-ndhusurake menyang lemah. Wusanane maling sing umure 36 taun iku wurung lan kaliren jalaran telung dina telung bengi ora mangan lan ora ngombe.

"Saben arep mlayu, rumangsaku ana gendruwo sing njongkrakake aku", kandhane maling mau marang polisi.

Saiki dheweke dirawat ing Rumah sakit Kemaman Hospital kanggo mulihake awake.

Piye ca, yen gondoruwo sa donya iki atine apik kaya mengkono mesthi ora bakal ana maling !



(JP, Minggu 14 Desember 2008)

Senin, 09 November 2009

Arane Rimbag Tembung (bentukan kata)

B. Bab Rimbag (Kedadosanipun Tembung)

Rimbag jinisipun kathah sanget.

1. Rimbag Tanduk:

punika tembung ingkang angsal ater ater anuswara (suwara

irung): m, ng, n, ny.

Rimbag Tanduk wonten 3 warni:

a. Tanduk Kriya Wantah:

balang – mbalang, gambar – nggambar.

b. Tanduk i kriya:

jaluk – njaluki

tulis – nulisi

c. Tanduk ké kriya:

tuku – nukokaké,

sapu – nyapokaké.

Cathetan:

tuku – nuku,

sapu – nyapu

Menawi aksara wiwitaning tembung dados setunggal

kaliyan ater ater anuswara dipun wastani luluh.

Caranipun Ngudhal Tembung:

Nyaponi : Lingganipun sapu, angsal ater rater : ny, angsal

panambang: i, rimbagipun:

tanduk i kriya.

2. Rimbag tanggap:

Tembung Lingga ingkang ater ater tripurusa (dak, ko, di),

ater ater ka lan seselan in,

Rimbag tanggap kapérang dados 6 warni:

a. tanggap utama purusa tiyang (kapisan)

- tanggap utama purusa wantah: dak jaluk, dak tulis.

- tanggap utama i kriya: dak tukoni, dak pangani

- tanggap utama purusa ké kriya : dak gambaraké, dak

lungguhaké

b. tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)

- tanggap madyama purusa wantah: kojaluk, kotulis

- tanggap madyama purusa i kriya: kotukoni, kopangani

- tanggap madyama purusa ké kriya: kogambaraké,

kolungguhaké

c. tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)

- tanggap pratama purusa wantah : njaluk, ditulis

- tanggap pratama purusa “i” kriya: ditukoni, dipangani

- tanggap pratama purusa “ké” kriya: digambaraké,

dilungguhaké

d. tanggap ka: ater ater ka = di

- tanggap ka wantah: kajaluk, katulis

- tanggap ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran

ditanduri

- tanggap ka “ké” kriya: kajalukaké, katulisaké

e. tanggap na, wujudipun seselan in, tegesipun = di

- tanggap na wantah: jinaluk, tinulis

- tanggap na “i” kriya: jinalukan = dijaluk,

tinulisan = ditulisi

f. tanggap tarung, tegesipun: pada déné, tulung – tinulung,

obong tingobong.

Cathetan:

Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap

“na” éwah dados “an”

3. Rimbag Bawa:

Rimbag bawa inggih punika tembung lingga ingkang angsal

ater ater: “ké”, “a”, “ma”, “kuma”, “kapi”, lan seselan “um”.

a. bawa “ka”, wujudipun ater ater “ké”, ateges mboten jarag.

- bawa “ka” wantah: kacemplung, kobong saking obong.

- bawa “ka” wisésana: kacemplungan, kobongan.

b. bawa “ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma”

akalung, akembang, asikil tegesipun nganggo/duwé.

Maguru tegesipun golèk ilmu marang.

c. bawa “ma”, wujudipun seselan “um”: gumantung,

gumagus, dumunung, kumenthus.

d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani,

kamigilan, kapi-lara.

e. bawa “ma” tundha, ateges tansah : turun temurun, gulung

gemulung.

Cathetan:

tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa

“ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres,

leresipun bawa “ha”.

Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung:

- ko-obong = tanggap madyama wantah

- ke-obong (kobong) = bawa “ka” wantah

- ka-obong = tanggap “ka” wantah

4. Sananta.

Sananta pandapukipun: dak + tanduk + …. “i” ke dak,

ingkang ateges arep.

a. sananta dak wantah: dak-njaluk = aku arep njaluk.

b. santana dak “i” kriya: dak-njaluki = aku arep njaluki.

c. santana dak “ké” kriya:

dak-nukokaké = aku arep nukokaké.

d. wonten malih sananta dak lan di ingkang ateges arep.

sing: dak sregep, dak meneng, ditaberi, diprayitna.

5. Tandang.

Tandang pandapukanipun: dak + lingga “é” (ané) “né”

panambang “é” (ané) “né” ateges arep.

a. tandang dak wantah: dak jupuké = arep dak jupuk.

b. tandang “i” kriya: dak jupukané = arep dak jupuki.

c. tandang “ké” kriya: dak jupukné = arep dak jupukaké.

Cathetan:

Sananta lan tandang nggadahi teges arep.

Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang

saking ukara tanggap,

Tuladha:

Aku arep nulis layang dhisik – aku dak nulis layang dhisik.

Layangé arep dak tulis dhisik – layang dak tulisé dhisik.

Wonten ing tandang “é” wantah dados “é”

Wonten ing tandang “i” wantah dados “ané”

Wonten ing tandang “aké” wantah dados “né”

6. Sambawa.

Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan, pengarep arep.

Upama.

Panambangipun “a”, “ana”, “na”.

Sambawa kapérang:

1. Sambawa saking tanduk:

a. Sambawa tanduk wantah: nggawa, conto: lan tegesipun,

- nggawa dhuwit arep dienggo apa wong ora ana

wong dodol = sanjan.

- mbakyu mbok nggawa lading ya, kena dienggo

ngoncèki tebu = ngarep arep.

- ah, mau nggawaa wacan kena kanggo sambèn ora

ndlongop ngéné iki = sanjan.

b. Sambawa tanduk “i” kriya: njalukana.

c. Sambawa tanduk “ké” kriya: njalukna.

2. Sambawa saking tanggap:

a. Sambawa tanggap wantah : dakgawaa, kogawaa,

digawaa.

b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak gawanana, kogawakna,

digawanana.

c. Sambawa tanggap “ké” kriya: dakgawakna, kogawakna,

digawana.

Cathetan:

1. Wantah panambang “a”

2. “i” kriya panambang “i” malih dados “ana”

3. “ké” kriya panambang “aké” malih dados “na”

7. Pakon – Préntah.

Rimbag Pakon kapérang:

1. Pakon tanduk:

a. Pakon tanduk wantah: nggawaa = akon nggawa.

b. Pakon tanduk “i” kriya: nggawanana = akon nggawani.

c. Pakon tanduk “ké” kriya: nggawakna = akon

nggawakaké.

2. Pakon tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.

a. Pakon tanggap wantah: gawanen= akon supaya kogawa.

b. Pakon tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya

kogawani.

c. Pakon tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya

kogawakaké.

Cathetan:

Wonten ing pakon tanduk:

1. Wantah, panambangipun “a”

2. “i” kriya, panambangipun “i”, malih dados “ana”

3. “ké” kriya, panambangipun “aké”, malih dados “na”.

Pandapukipun Sambawa tanduk sami sami kaliyan pakon

tanduk, pramila kedah dipun èngeti tegesipun wonten ing

ukara.

Upaminipun :

- ngGawaa dhuwit wong barangé wis entèk = Sambawa

= sanès préntah.

- sésuk kowé nggawaa buku = pakon.

8. Guna:

Guna inggih tembung tembung ingkang angsal panambang

“en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.

- wudunen, gudigen, singunen.

Kedah dipun bèntenaken tembung tembung: jupuken,

panganen = pakon tanggap

wantah, koroken, duduken = guna.

9. Adiguna:

Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”, ateges leluwihan:

kedhuwuren, kebangeten, kabangen.

Bèntenipun: tembung tembung: kecemplung, kecipratan

= wisésa bawa ka.

- kegedhèn, kepinteran = adiguna.

10. Bawa - Wacaka:

Pandapukipun “ka” + lingga + “an”, ateges: nedahaken

panggènan utawi ndapuk tembung aran.

Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung kriya.

- Kalurahan = panggènan, kabupatèn = panggènan.

- Kausikan = tembang aran, kasugihan = tembung aran

Tembung tembung punika kedah dipun bèntenaken.

- kajalukan = dijaluki, tanggap “i” kriya

- kapinteran = bawa wacaka.

- kecemplungan = wisésana bawa “ka”.

11. Daya Wacaka:

Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”, ateges panggènan

utawi mangsa:

- pasuketan, pakuburan, panèn, padusan.

12. Kriya – Wacaka / Karana Wacana.

Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe + tanduk + “an”)

- penulis = tukang nulis, karana wacaka

- penulisé = carané nulis, karana wacaka

Bèntenipun daya wacaka kaliyan karana wacaka:

daya wacaka saking tembung aran.

karana wacaka saking tembung kriya.

Kedah dipun bèntenaken tembung:

gorèngan = olèh olèhané nggorèng, kaliyan tembung:

penggorèngan = papan kanggo nggorèng.

13. Tembung Rangkep:

Tembung rangkep inggih punika tembung ingkang dipun

ungelaken ambal kaping kalih.

Tembung rangkep wonten 3 warni:

1. Dwilingga: lingganipun dipun rangkep.

a. dwilingga wutuh: bocah bocah, réka réka.

b. dwilingga salin swara ngarep: dhuwat – dhuwit.

c. dwilingga salin swara mburi: jarèn jérèn, téla télé.

d. dwilingga salin swara kabèh: modhang mèdhèng,

gonjang ganjing.

2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep:

jejaka, tetuwuhan.

3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep:

cengèngèsan, cekakaan.

14. Tembung Jamboran (Majemuk).

Tembung jamboran, tembung kalih utawi langkung ingkang

dipun gandhèng dados satunggal.

1. Jamboran wutuh.

Jamboran wutuh wonten 3 golongan:

a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhé cilik, boya pakéwuh.

b. tembung ingkang kaping kalih dados katranganipun

tembung ing kapisan: kandhang jaran, jambu wer.

c. tembung ingkang kapisan dados katranganipun tembung

ingkang kaping kalih:

brata yuda, wijaya kusuma.

2. Jamboran tugel: wancahan.

Jamboran tugel tembung kalih ingkang dipun cekak:

- kakkong, dhekwur, kongèl.

Cathetan:

Kedah dipun bèntenaken antawisipun jamboran tugel

kalayan kérata basa.

- kakkong: asalipun saking tungkak bokong.

- dhélik: asalipun saking tembung gedhé cilik.

Jamboran tugel asalipun saking kalih tembung.

Manawi kérata basa asalipun pancèn satembung lajeng

dipun othak athik supados mathuk.

- tembung tebu, dipun othak athik dados manteb ing kalbu.

- tembung kathok, dipun othak athik dados ngangkaté saka

sithok.

Tembung Wancah.

Tembung wancah tembung ingkang dipun cekak.

Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:

1. Namanipun laré/tiyang sepuh:

- Mulyana dados Mul utawi Yan.

- Sutana dados Tana utawi Ton.

- Suminah dados Minah utawi Min.

- Pawirareja dados Pawira

- Wangsadimeja dados Sadimeja.

2. Namanipun panggènan:

- Kartasura dados Tasura.

- Imogiri dados Mogiri.

- Boyolali dados Yolali.

3. Wicalan (etungan):

- ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.

4. Tembung krama kawancah dados madya krama.

- punika dados nika.

- mangga dados ngga.

- dhateng dados teng.

5. Tembung jamboran (Jamboran tugel).

- gedhé cilik dados dhélik.

- endhèk lemu dados dhèkmu.

- gedhé bagus dados dhégus.

Imbuhan ing Basa Jawa

C. Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.


Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang "an".



01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.

02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.

03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.

04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.

05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.

06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.

07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.

08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.

09. Nanggap : wayangan, réyogan.



Tegesipun Ater ater Anuswara:

01. Nyambut damel : jenu, macul, medhang.

02. Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.

03. Dados : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.

04. Nuju dhateng : minggir, ngulon, munggah.

05. Damel : nggulé, ngabon, nyambel.

06. Nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.

07. Kados : mbodoni, mbisu, ndésani, ngetumbar, mucuk eri.

08. Saben tiyang nampi : niji, ngloro, matang liter.

09. Nambahi : ndhuwuraké, ndawani, nggedhèni.

10. Ngetrapaken : nglambèni, napèni, nyetuti.

11. Saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.



Tegesipun Ater ater Sa:

01. Satunggal = sèket, sakebo, samèter.

02. Sabarang = sakarepé, sawaregé, sasenengé.

03. Nunggil = sabantal, saomah, sakamar.

04. Kalih / karo = salapaké, sauwité.

05. Sami kaliyan = sagunung, sapitik.

06. Ngantos = sabubaré, saénaké.

07. Saben = saasiné, sadinané.

08. Angger = sakoberé, saénaké.



Tegesé Ater ater Pa / Pé:

01. Srana = pasumbang, pangudi.

02. Tukang = pangendhang, padhang, pamomong.

03. Ukuran mangsa = sapenginang.

04. Ukuran panjang, tebih = panjangkah, pandulu, pabalang.

05. Carané / patrapé = panulisé, panggambaré.

06. Panggènan = pakuburan, panepèn, pagadéyan.

07. Mangsa = panèn, padusan.

08. Pirantos = pembesut, penyakit, penulak.

09. Tiyang ingkang dipun = paukuman, panembahan.



Seselan lan Tegesipun:

Seselan namung 4 warni: "er", "el", "um", "in".

- crekot, saking tembung cekot tegesipun pating/pijer.

- trambal, saking tembung tambal, tegesipun pating/kathah.

- dlèwèr, saking tembung dèwèr, tegesipun pating/pijer.

- sliri, saking tembung siri, tegesipun pating.



Seselan "er" lan" "el" wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha.

Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan "um" lan "in".

01. Tumandang lingganipun tandang tegesipun kriya.

02. Rumujak, lingganipun: rujak, tegesipun: nedheng nedhengipun.

03. Kumaki, lingganipun: kaki, tegesipun: anggepé kaya.

04. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di .............

05. Tinulis, lingganipun: tulis, tegesipun: di ............

Menawi aksara wiwitan tembung wonten "w", "p', "b", lajeng éwah dados "k" utawi "g".

- ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......

- emping - kumemping, tegesipun: saweg eca ecanipun dipun ......

- wasis - kumasis, tegesipun: kados tiyang .......

- pinter - kuminter, tegesipun: kados tiyang ......

- bagus - gumagus, tegesipun: kados tiyang ......



Tegesipun Tembung Dwi Lingga.

01. Naminipun barang : orong orong, alap alap, nget nget.

02. Nglampahi padamelan : omah omah, udan udan.

03. Kathah : gedhé gedhé, jembar jembar, omah omah.

04. Sanget : asin asin, seru seru, gedhé gedhé.

05. Tansah : lali lali, ora ngerti ngerti.

06. Sanajan : alon alon, empuk empuk, anggeré.

07. Mangsa / wanci : bedhug bedhug, soré soré.

08. Saepolipun : dawa dawané, murah murahé.

09. Boten susah : ora isan isin, ora rikah rikuh.



Tegesipun Tembung Tembung Dwipurwa / Dwiwasana.

01. Boten tentu barangipun : tetuku, lelara, gegaman.

02. Nganggé/damel : gegriya.

03. Murugaken : pepeteng, bebungah, lelethek.

04. Pating : cengèngèsan, cekakaan.

Kamis, 29 Oktober 2009

Wacan Anyar 30 Oktober 2009

SEKOLAH KANGGO BOCAH “NDHUGAL


       Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .
     Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).
      Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.
        Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.
        Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.
Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.
        Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...
        Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...
         Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).
Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
         Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.
         Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.
        Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.

Rabu, 05 Agustus 2009

Tugas kanggo kelas VIII B, C, lan D SMP Negeri 3 Pati

Tugas kagem siswa-siswa RSBI SMP Negeri 3 Pati wulan Agustus minggu kapindho.

Wacanen kanthi permati wacan “ Nyinau Basa Jawi kanthi Raos Tresna” banjur tulisen nganggo aksara Jawa lan owahana dadi basa Jawa ngoko lugu !
Nyinau basa Jawi kanthi raos tresna
Kathah ingkang ngendika bilih basa Jawi menika angel. Malah wonten ugi ingkang kagungan pamanggih manawi nyinau basa Jawi menika langkung angel katandhingaken kaliyan nyinau basa manca. Kamangka ingkang kagungan pamanggih kalawau inggih tiyang asli Jawi. Kadospundi kok saget makaten? Menapa leres basa Jawi menika saestu angel? Ngendikanipun para sepuh, saestunipun basa Jawi menika mboten angel. Menawi kadamel angel inggih lajeng dados angel saestu. Basa Jawi kaanggep angel amargi ing basa Jawi wonten ingkang dipun wastani undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa kalawau kaperang dados sekawan. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saking unggah-ungguh basa cacah sekawan kalawau ingkang kaanggep gampil kiyambak inggih menika ngoko lugu. Basa ngoko lugu kathah dipun-ginakaken ing bebrayan Jawi, dipunginakaken kangge pangandikan tiyang sepuh dhateng tiyang enem utawi lare, ugi kangge gineman lare kaliyan lare, utawi tiyang sepuh dhateng tiyang sepuh ingkang sampun raket srawungipun.
Dene unggah-ungguh basa ingkang kaanggep angel inggih menika basa krama alus, amargi kedah kathah ngapalaken tembung-tembung, mliginipun tembung ingkang kangge ngaosi dhateng tiyang sepuh. Babagan undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa ka-lawau tumrap para siswa saget kasinau ing salebeting wucalan basa Jawi ing pawiyatan.
Wiwit wontenipun Keputusan Gubernur Jawi Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngengingi kurikulum basa Jawi, basa Jawi lajeng dados wucalan wajib ingkang dipunparingaken ing pawiyatan-pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) ngantos dumugi SMA (Sekolah Menengah Atas).Saderengipun wonten keputusan gubernur kasebat, wucalan basa Jawi namung kangge jangkep-jangkep, namung dipunwucalaken ing tataran SD dumugi SMP. Samenika basa Jawi wiwit pikantuk kalodhangan mirunggan, mugi-mugi kemawon saget njalari basa Jawi dados langkung ngrembaka, mboten ajeg mrihatosaken.
Kathah para nimpuna basa ingkang sami ngendika bilih sejatos-ipun ingkang njalari basa Jawi dados mrihatosaken menika mboten sanes inggih saking tiyang Jawi piyambak. Saperangan ageng tiyang Jawi mboten ngulinakaken mawi basa Jawi ing gesang paditenipun. Pawadanipun bilih basa Jawi mboten praktis, kirang komunikatif, lan sanes-sanesipun. Kasunyatan wekdal menika kathah kulawarga-kulawarga Jawi anggenipun sami nggulawenthah putranipun mboten ngangge basa Jawi. Utaminipun ibu-ibu, sinaosa asli tiyang Jawi, nanging kados-kados sampun sami kesupen dhateng basa Jawi. Kabukten nalika kagungan putra, wiwit lair putranipun sampun dipunkulinak-aken mawi basa Indonesia. Babar pisan mboten dipunkulinakaken micara basa Jawi.
Dados para putra sami mboten dhong dhateng basa Jawi. Menapa malih unggah-ungguhipun. Saperangan ibu-ibu kalawau sami ngendika bilih ing jaman teknologi sarwa majeng menika basa Jawi mboten patos prelu lan malih samenika umumipun sami ngangge basa Indonesia. Pramila pilih ngangge basa Indonesia kemawon ingkang ngendikanipun langkung gampil. Pamanggih kalawau wonten leresipun nanging ugi kathah klentunipun. Sampun dipunmangertosi ing akathah bilih basa Jawi menika mboten namung saget kangge pasrawungan kemawon. Langkung saking menika basa Jawi ugi saget kangge nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pakerti dhateng para putra.
Kanthi ngulinakaken ngangge basa Jawi, kaajab para putra ka- lawau sageta langkung nggadhahi tatakrama ingkang sae lumantar unggah-ungguhing basa. Basa Jawi menika tetep nggadhahi kesaenan menawi katandhingaken kaliyan basa sanesipun. Matur nuwun
Minangka tuladha, kula nate maos satunggaling rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, ingkang nyebataken bilih tembung-tembung ing basa Jawi menika sae-sae. Nembe anggenipun ngucapaken kemawon benten kaliyan tembung-tembung ing basa sanesipun. Upaminipun tembung ”matur nuwun” anggenipun ngucapaken tamtu kanthi sareh. Benten kaliyan anggenipun ngucapaken tembung thank you, terima kasih, kamsia, ingkang saget dipunucapaken kanthi seru utawi sora.Basa Jawi saget dipunsinau mawi cara ingkang warni-warni, kados ingkang taksih tansah kulatindakaken. Cara-cara kalawau upaminipun, saget sinau lumantar buku-buku basa Jawi ing sekolahan, mligi para siswa, menawi mrangguli bab-bab ingkang mboten cetha kedah wantun nyuwun pirsa dhateng bapa utawi ibu guru basa Jawi.
Kangge ingkang dereng pirsa, kalawarti lan ariwarti basa Jawi menika isinipun werni-werni, wiwit dongeng kangge para putra, kabudayan, kasusastran, dumugi paramasastra sedaya wonten. Kanthi asring maos waosan basa Jawi kalawau mboten kraos seserepan kita bab basa Jawi saget mindhak. Sasampunipun remen maos, menawi manggihaken bab-bab ingkang kirang cetha, saget nyuwun pirsa dhateng para sesepuh ingkang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawi, limrahipun para sesepuh kalawau nyata mumpuni saestu. Salajengipun, prekawis kasil lan mboten anggenipun nyinau basa Jawi kalawau gumantung dhateng pribadinipun piyambak-piyambak. Ingkang wigatos ,saderengipun wiwit nyinau basa Jawi langkung rumiyin kedah gadhah niyat ingkang kiyat kanthi dipunlandhesi raos tresna dhateng basa Jawi.Nindakaken pedamelan menapa kemawon menawi dipun landhesi raos tresna limrahipun tamtu badhe nuwuhaken asil ingkang sae lan ngremenaken. Langkung prayogi minangka tiyang ingkang sampun kinodrat dados tiyang Jawi sumangga sami nggadhahi raos tresna dhateng basa Jawi. Sinten malih ingkang kedah nresnani menawi mboten tiyang Jawi piyambak. Inggih kula kaliyan panjenengan sadaya.

::Setiyaningsih SPd MPd, guru ing SMP Negeri 11 Solo.::
Tags: bahasa jawa
Prev: Tegal Kurusetra papan kanggo metung dosa lan kabecikan Next: Serat Cemporet (Perangan X)

Jumat, 24 Juli 2009

Tugas Kanggo Siswa-siswa Kelas VIII RSBI SMP 3 Pati

Tulisen 20 Kadadeyan/ prastawa kang ana gegayudane karo paribasan, beba-san, utawa saloka ana file laktopmu banjo lebokake ana alamat blospot-mu! Delengen limang(5) tuladha ing (Saloka) ngisor iki !

1. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
2. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira
bakal kalah prakarane
3. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana
kajibah nggoleki barang kang ilang
4. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
5. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
6. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
7. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
8. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
9. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
10. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
11. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
12. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
13. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
14. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
15. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
16. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
17. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
18. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
19. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
20. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
21. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugi.
22. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur
panguwasane
23. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
24. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
25. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
26. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
27. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
28. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
29. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
30. Asu marani gebug = njarag bebaya
31. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe
panguwasa)
32. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
33. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan
melu tanggung jawab
34. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
35. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
36. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
37. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
38. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
39. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
40. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu pialakang luwih saka
ala
41. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
42. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
43. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
44. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
45. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter
tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
46. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dinaBathang lelaku = wong lungan ijen liwat
dalan kang gawat, ngemu baya patiBathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang
gawat, ngemu baya patiBubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
47. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)Buntel kadut, ora kinang ora udut =
wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udutBusuk ketekuk,
pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
48. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
49. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepakeMburu uceng
kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
50. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala
rupane nanging manis bebudene
51. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
52. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih
trengginas
53. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
54. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang
disiriBrekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
55. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
56. •Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe•Carang
canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug•Car-cor kaya kurang
janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisikCathok gawel = seneng cawe-cawe
mesthi ora diajak guneman
57. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
58. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
59. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
60. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
61. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
62. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
63. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asorCocak nguntal elo = wong
tumandang gawe kang ora laras karo kaananeCumbu laler = wong kang teka lunga
pamanggone
64. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti
mati
66. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung
climen wekasan entek wragat akeh
67. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
68. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo
rembuge wong akeh
69. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari
kuwat.
70. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
71. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya

Saloka

PRASTAWA / KADADEYAN KANG ANA GEGAYUDAN KARO
PARIBASAN/ BEBASAN / SALOKA



Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Pak Siswanto kuwi piyayine pinter ing samubarang kawruh. Emane Panjenengane durung pirsa carane ngakses internet. Mangka putrane sing asmane Bayu kuwi dadi operator ana ing sawijing warnet ing Plangitan. Nanging Pak Siswanto ora isin mundhut pirsa marang putrane kepriye carane donwload, chating, ngeblog lsp. Bab kawruh internet.

Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale

Tanggaku wingi bali saka Arab Saudi dadi TKI, mangka olehe tindak kuwi udakara wis ana 24 taun. Yen digagas bener ngendikane piyaye sepuh kuwi. Sak adoh-adohe wong lelungan mesthi bakal bali nyang kampunge.

Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi

Bocah kok ceguk aten ngono. Wong olehe nggarap Matematika durung rampung, bareng diisin-isin kancane kok ora dirampungake. Malah wadul marang wong tuwane yen deweke lagi dikrubut kanca-kancane. Gaweyan durung ditandangi kok wis ditinggalake.

Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan

Bocah kok ngisin-ngisini ngono. Apa ora takon-takon karo kancane yen pranatan (aturan) ing SMP 3 Pati kuwi yen lagi pelajaran ora pareng dolanan game apamaneh on line nganggo internet. Ati-ati lho bisa-bisa laktop-mu bisa disuwun petugas BK lho.

Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata

Kowe kuwi bisa apa ora nggarap soal-soal kuwi. Jare wingi kowe ngomong yen bisa. Wah bener kowe kuwi akeh ngomong nanging ora ana kasunyatane.

Jumat, 03 April 2009

Pawarta Basa Jawa

MACA PAWARTA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra
berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar : Membaca berita

Maca saking pawarta Televisi


Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. Pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi


Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja

Senin, 23 Maret 2009

ADEGAN ING RAMAYANA

Serat Tripama

Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV

Dhandhanggula.


1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.

(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.

2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)

3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.

(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)

4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.

(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)

5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.

(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)

6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.

(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).

7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.

(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Tegese tembung :
yogyanira = becike,
sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa,
tentara.
kadya = lir, pindha, kaya,
seperti.
nguni = jaman biyen,
dahulu kala.
andelira = andel-andele ,
andalan.
lelabuhanipun = jasane,
jasa.
ginelung = diringkes,
dipadukan.
guna = kapinteran,
kepandaian.
kaya = bandha donya,
kekayaan.
purun = wani, gelem,
keberanian.
nuhoni = netepi,
menepati.
trah = turun, tedhak,
keturunan
utama = becik, apik,
terbaik.
lir = kaya, teges, makna,
arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe,
sembarang.
karya = gawe, kardi,
pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake,
diusahakan.
sayekti = sayektos, temene,
sesungguhnya.
duk = nalika,
ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang,
jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen,
perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa,
raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan,
medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono,
walaupun demikian.
darbe = duwe,
mempunyai.
raka = kakang,
kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng,
selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung,
hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda,
kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus,
diperintah.
mangsah jurit = maju perang,
menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun,
dia.
lenggana = nolak, mbantah,
menolak.
datan = tan, ora,
tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu,
ayah dan ibu.
myang = lan,
dan
arsa = arep, ayun, apti,
akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha,
contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra,
raja.
kadang = sedulur,
saudara.
suwita = ngabdi,
menghamba.
kinarya = karya + in = digawe,
dipakai.
agul-agul = andel-andel,
andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang,
panglima perang.
manahe = atine,
hatinya.
pikantuk = oleh,
mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe,
sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten,
kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya,
terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul,
prajurit yang hebat.
katri = katelu,
ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua,
ikutilah.
kongsi = nganti,
sampai.
dumadi = titah,
makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki,
berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an =
keutamaan.

Tuladha geguritan 2009

KANGEN

Romdonah—
(Kanggo M.D ing NSB)

Saben sesawangan
kang daktemoni
memba wewayanganmu
ngreridhu batin.
Mula, kudu dakakoni
ora dakselaki
pranyata, angel anggone ngilangi
saka kalbu tumekaning pandulu
amarga,
aku wis kadhung
ketaman sawijining panandhang
“kangen sliramu”

Tuladha Cerkak 2009

CRITA CEKAK : ” LINTAH-LINTAH”

By Ki Dhalang Sulang

penulis:

Crita cekak (Cerpen berbahasa Jawa: pen) di bawah ini telah dimuat pada Majalah Mingguan “Panyebar Semangat” Nomor:12, Tanggal 12 Maret 2004. Atas desakan dari beberapa sahabat blogger Indonesia, maka crita ini ditampilkan kembali dalam blog ini, sesuai dengan aslinya tanpa penyuntingan sama sekali kecuali hanya pembetulan salah tulis (cetak) Salah satu pertimbangan pemostingan cerita ini antara lain pernah dijadikan objek diskusi oleh para dosen Fakultas Sastra Jurusan Sastra Jawa UNY (Yogyakarta) dan

UNESSA (Surabaya). Penulis sendiri tidak tahu apa pertimbangan beliau-beliau, hingga cerita ini dijadikan objek diskusi. Sedangkan menurut penulis sendiri, cerita di bawah ini adalah cerita sederhana dan biasa-biasa saja. Namun untuk menyebut suatu karangan tergolong pada sastra ada bukan sastra, bagus atau tidak, mutu atau kacangan, kesemuanya kembali pada hak prerogatif pembaca. Penulis juga mohon maaf kepada para pembaca yang belum menguasai bahasa Jawa. Dan hanya satu tujuan penulis, berbagi hiburan bagi sesama teman dan sahabat. Selamat menikmati (Ki Dhalang Sulang).

Lintah-Lintah

tangan-dan-lintah-lintah1

dening : Masjup (a.k.a. Ki Dhalang Sulang)

Bardi mlebu omahe setengah mlayu karo nggawa kepis cilik kebak urang. Karemane nggogo urang kali kuwi jare minangka warisan saka embahe lanang sing wis nyuwargi, yakuwi Mbah Gariman, sing biyen dijuluki “Mbah Gariman Urang”, amarga pancen jago nggogo urang kali. Jebul kabisan kuwi tumurun marang Bardi, putune. Ora ana sing muruki, ngerti-ngerti Bardi prigel banget nggogo urang. Sanadyan lagi umur las-lasan dheweke wis misuwur dadi tukang ngentekake urang kali ing kampunge.

Mung emane kali ing kampunge akeh banget lintahe. Mula saben dheweke mentas gogo urang, sikile pating krentep ditapel lintah-lintah. Amarga wis banget kulinane, mula nadyan sikile digrendhepi lintah, dheweke ora rumangsa kamigilanen, lan uga ora kesusu mbethoti lintah-lintah sing pating tremplek kuwi. Ana cara mligi kanggo mbudidaya supaya lintah-lintah kuwi gelem uwal saka awake. Mengko yen wis tekan omah. Emake pancen wis nuduhake carane.

Kandhane emake biyen, lintah-lintah sing lagi napel kempol lan pupune kuwi ora kena dibethot kanthi rudapeksa. Jalaran yen nganti dirudapeksa, lintah-lintah sing wis kadhung mlembung wetenge kuwaregen getih kuwi bakal pedhot ing ngget-nggetan gulune, dene endhase kari ing njero kulit. Endhas lintah sing mati ing njero kulit kuwi bisa marakake penyakit gatel-gatel, wusana dadi borok sing angel banget tambanane. Supaya lintah-lintah kuwi gelem uwal, kudu disiram lenga patra nganti klebus. Yen mambu lenga patra, lintah-lintah sing napel kuwi banjur padha uwal amarga mendem ganda lenga lan krasa panas awake. Yen lintah-lintah wis padha uwal tiba pating klolet ing lemah, Bardi banjur njumputi lintah-lintah lan diuncalake geni mawa ing pawone.

“ Ya iki upahmu saka anggonmu kenaken nyerot getihku! Rasakna saiki! Klakon modiar tenan kowe!” aloke Bardi ngigit-igit. Dheweke marem banget yen nonton lintah-lintah sing mlembung kebak getih kuwi, sangsaya tambah mlembung marga kena panase geni. Wusana lintah-lintah kuwi tumuli mbledhos siji baka siji. Sinusul ganda gurih kaya sate binakar, jalaran getih asil serotan lan awake lintah-lintah kuwi padha kobong geni. Bardi ora gelem ngadeg saka ngarep pawon yen lintah-lintah kuwi durung padha gosong, utawa malah durung dadi awu babar pisan.

**

Nalika Bardi wis ngancik remaja tumaruna, dumadakan kulawargane kena musibah. Bapake tiba saka wit siwalan. Penggaotane bapake pancen nderes wala siwalan kanggo njupuk legen. Sawuse sawetara wektu lara lumpuh amarga gegere putung, bapake Bardi wusana kapundhut sing Kuwasa.

Minangka anak mbarep, Bardi rumangasa melu nduweni tanggung jawab mbiyantu emake golek pangupajiwa kanggo nguripi adhi-adhine sing cacah telu tur wadon kabeh kuwi. Tujune tangane Bardi kuwi tangan sing trampil tenan. Iwak urang njero kali wae ora kober mrucut saka gegemane yen dheweke wis kadhung kiprah nggogo. Mula penggaotane bapake minangka tukang nderes wala siwalan, ora ndadak sinau suwe wis klakon dikuwasani. Bedane, yen bapake biyen ora patiya sregep nggarap tegalan sela-selane wit siwalan, nanging Bardi malah kosok balen. Dheweke katon sengkut temenan anggone nenandur palawija ing tegalan kono. Dadi ora mung mligi nyagerake tumetese banyu legen siwalan ing bumbung-bumbung tinadhah, nanging uga wulu pametu saka bumi tegalane, sanadyan mung sacengkang paribasane.

Ewadene semono. Bardi ora nate lali marang klangenane nggogo urang. Kajaba asile kena kanggo tambah-tambah lawuh mangan adhi-adhine, kala-kala tangga teparone ana uga sing padha nempil urange. Malah yen pinuju dheweke nemu iwak kutuk utawa lele, tangga-tangga gelem nuku kanthi rega sing lumayan.

***

Ing sawijining wektu, nalika Bardi lagi enak-kapyenak ngobongi lintah-lintah, adhi-adhine wadon padha nyawang saka mburine. Kabeh sajak krasa miris atine. Embuh miris marang krogel-krogele lintah sing kepanasen geni, apa miris nyawang solah tingkahe kakange. Nalika Bardi mlengak, adhi-adhine katon padha gugup arep nyingkrih. Nanging Bardi malah ngundang supaya adhi-adhine nyedhak marang dheweke.

“He, Ndhuk! Bocah wedok telu rungokna!” swarane Bardi njengek karo menciring. Bocah telu kuwi katon kaget lan gumun, awit salawase iki Bardi ora nate kasar marang adhi-adhine. Malah kapara arang banget padha omong-omongan njagong.

“Lintah-lintah iki kepeksa dakpateni, jalaran wis padha ngentekake getihku!” panyambunge Bardi karo ajeg penciringan nuding lintah-lintah sing padha polah njero geni. Adhi-adhine tambah njekethet lan mrinding githoke. Nanging tetelune ora wani obah babar pisan. Mung mripate sing padha pating plirik bingung ora ngerti kudu tumindak kepriye. Salah siji ana sing mbatin, apa kakange kesambet danyang kali ya? Utawa kesurupan setan?

Nanging durung nganti entuk jawaban, Bardi wis mbengok maneh, “Ngertia, Ndhuk! Kowe kabeh uga ora beda karo lintah-litah iki! Kowe kabeh uga wis dha klakon ngisep getihku, najan ora langsung. Omah kene iki pancen wis dadi susoh lintah. Mula kowe mesthine uga kudu diobong kaya lintah-lintah iku! Ngerti!”.

Adhine sing paling gedhe dumadakan ndhoprok kepuyuh-puyuh. Sing loro tiru ndhoprok pisan karo gemeter awake. Bardi katon ngadeg karo malang kerik. Mripate saya pendirangan. Tangane kumlawe nyaut rambute adhine, kaya arep dijambak. Nanging…… dumadakan mak greg. Dhadhane Bardi kaya ana sing dhodhog. Tangane sing kepengin njambak rambut kuwi malih kendho, kendho, lan saya kendho. Ambegane melar mingkus. Banjur katon unjal ambegan bola-bali karo lambene ndremimil ngucapake kalimah istighfar. Tangane sing sumadya njambak rambut malih dadi ngelus-elus sirahe adhi-adhine. Ing pojok mripate katon luh sumembul arep tumetes.

“Nanging ora…. ora…” swarane Bardi, nanging wis ora keprungu njengek maneh. Malah keprungu kaya wong ngrinteh semu nangis. Banjur panyambunge maneh, “Kowe ra sah dha wedi ya, Ndhuk…. Najan kowe kabeh iki sejatine uga lintah-lintah, nanging kowe tetep adhiku…. Aku rila getihku kok isep nganti kopong…. nganti kopong….. jalaran aku kakangmu… gentine bapakmu…. Aku uga tresna asih marang kowe kabeh…. Kaya tresnane emak lan bapak marang kowe… hmmmhkkkk…”.

“Bardi….Bardi… mreneya, Cung! Kene lungguh sisihe emak!” kadadak ana swara wadon setengah tuwa keprungu alus nanging kaya nunjem pulung ati, swarane emake. Bardi njenggirat, karo srikutan ngusapi eluh-eluh sing wis klakon dumlewer ing pipine. Apa emake krugu panggrundele mau? ngono batine. Dheweke krasa kisinan. Embuh, yen marang emake pancen dheweke tundhuk temenan. Kanggone Bardi, emake dianggep lambang bebener. Apa sing dikandhakake emake, sabisa-bisa kudu diturut.

“Sajake kowe wis diwasa, Cung. Saelingku umurmu wis luwih ka selawe. Mula wis tiba titi mangsane kowe kudu omah-omah!” ujare emake, semu arang, semu lirih, nanging cetha trewela.

Bardi njenggirat. Alise njengkerut. Emake disawang tajem, nanging dheweke durung bisa kumecap. Dheweke kudu omah-omah? rabi? Babar pisan bab iki durung nate ginambar ing pangangen-angene. Mungguhing Bardi, wong omah-omah mono padha karo mangun susuh lintah. Bojo lan anak kuwi ngibarate tan prabeda karo lintah-lintah, sing kudu tansah nyesep getihe. Yen dheweke klakon rabi, banjur dheweke kudu njungkir jempalik ngetog tenagane saperlu nyampeti anak bojone. Ngono kuwi mungguhing Bardi, dheweke padha karo disesep-sesep getihe.

“Rabi entuk sapa, Mak?” tanpa rinasa lambene Bardi nylemong, karo panggah njengkerut bathuke.

“Siti Sumanding, anake Pak Kaji Sukron polang sapi. Wingi emak wis dirembugi”.

Bardi sangsaya ngowah-ngowoh. Dheweke pancen wis wanuh marang anake juragan sapi kuwi. Omahe Kaji Sukron pancen ora let adoh saka omahe Bardi. Malah-malah prawan ayu tur seneng besus kuwi wis asring sapatemon karo dheweke. Mung wae, babar pisan Bardi ora nduweni karep kepengin ngrabeni Siti Sumanding. Anggone cedhak marang anak ontang-antinge Pak Kaji Sukron mung winates kekancan, kadi dene lumrahe wong tetanggan.

Rasa-rumangsane Bardi mbok menawa bedha karo sing dirasakake Kaji Sukron sakulawarga, luwih-luwih Siti Sumanding dhewe. Mula mbok menawa rakete bocah loro kuwi, dianggep minangka sasmita yen kekarone ing tembe bakal padha ngiket jejodhoan.

“Apa bisa klakon aku rabi? Luwih-luwih kudu entuk Siti Sumanding? Ah ora bakal! Nanging apa ya aku kudu ora rabi? Kamangka jare emak aku kudu ndang omah-omah? Amarga aku wis akir diwasa….hmmmh”, ngono batine Bardi diuleng pitakon-pitakon sing kumawalikan. Dhadhane dumadakan krasa seseg, mula sedhela-sedhela unjal ambegan. Emake ngerti yen Bardi lagi mbingungi. Nanging mbok randha setengah tuwa iki pancen ora kesusu diwangsuli Bardi wektu kuwi uga. Isih ana dina sesuk, ngono pambatine karo mesem satleraman.

Mbok menawa pancen wis pinesthi dadi jodhone, kasunyatane let udakara telung sasinan saka nalika Bardi ditari rabi emake kae, kekarone klakon nikah temenan.

***

Yen dietung wis ganep sewindu anggone padha omah-omah. Malah wis padha duwe momongan loro cacahe, tur wadon kabeh. Mbarepe umur nem taun pujul sithik, dene sing nomer loro umur telung taunan. Panguripane Bardi sakulawarga wis klebu tumata. Digawekake omah gedhong mung kari ngenggoni, lan Bardi uga wis klakon bisa nggenteni penggaotane maratuwa minangka bakul sapi. Dadi, ing babagan uba rampe bale somah babar pisan ora ndadekake masalah.

Nanging aneh, wiwit telung sasinan kepungkur hengga seprene, Bardi katon saya susut awake. Kamangka bojone klebu open banget ing babagan masak kanggo mangan sabendinane. Ora mung trima ditangani dhewe, nanging wis ngingu rewang barang. Sing luwih nggumunanke, saben-saben dicedhaki Siti Sumanding, Bardi ketara pucet polatane. Mula sabisa-bisa, bojone dikongkon ngadoh wae, aja cedhak-cedhak karo dheweke. Kaanehan iki uga dirasakake Siti Sumanding.

“Gek ana apa ya Kang Bardi iki? Kok nganeh-anehi?” ngono bola-bali Siti Sumanding mbatin, nanging durung wani nlesih marang bojone. Saben arep kumecap kaya-kaya mung mandheg ing gorokane. Ewa dene, saben ana wektu lodhang Siti Sumanding ora kapok-kapok anggone mbudidaya nyedhaki bojone. Saka rasa-pangrasane, wiwit mbiyen nganti saprene tresnane marang Bardi ora nate suda, malah saya ngrembaka.

“Nggo sapa nggonmu macak lan besus selawase iki, Ti?” panylemonge Bardi nalika tengah wengi bojone ndhusel nyusul turon ing kamare. Sanadyan wis ditata atine, nanging Siti Sumanding meksa kaget krungu pitakonan iki.

“Nggo sapa meneh nek gak nggo sampeyan ta, Kang, uga nggo cah loro kuwi. Anake dhewe kabeh rak wedok ta? Dadi wiwit cilik kudu dikenalake cara kanggo ngupakara awak. Macak. Sampeyan rak ngerti ta, Kang, kanggone bocah wedok mono rupa lan resike awak kuwi minangka modal. Nek wis dadi prawan mono ngibarate dagangan. Nek barange apik regane rak dadi larang ta?” wangsulane Siti Sumanding karo nyoba ngelus tangane bojone. Nanging saeba kagete bareng epek-epek sing ngelus tangan kuwi dikipatake. Bardi menciring. Banjur mudhun saka paturone. Ora let suwe tangane kedher karo nudingi Siti Sumanding.

“Minggir kowe, Ti! Aja cedhak mrene! pambengoke Bardi, ora keprungu banter nanging keprungu serak karo nggeget-nggeget untu. Ing panyawange Bardi, dumadakan wiwit gulu nganti sirahe Siti Sumanding malih klolet-klolet dadi endhas lintah.

“Lho, kowe kenek apa ta, Kang?” wangsulane Siti Sumanding ketara gemeter, nanging durung mingket saka paturone bojone.

“He! Ngertiya nek kowe iki uga bangsane lintah! Anak-anakmu kae uga lintah-lintah sing wis padha nyerot getihku. Mula awakku dadi entek kaya ngene! Kandane emakku, lintah kudu digebyur lenga…. terus diobong urip-uripan! Enteni sedhela aja ngalih saka kene!” swarane Bardi tetep sereng greget-greget. Banjur klepat metu saka kamar. Baline wis nyangking jrigen isi lenga patra.

Nalika Siti Sumanding lagi mikir-mikir karo tetep klekaran ing amben, dumadakan sirahe digrojog lenga dening Bardi. Siti Sumanding mencolot karo jerit-jerit metu saka kamar. Bardi ngoyak metu karo tangane nggegem korekan sing wis diurubake, karo ngguyu panggah lakak-lakak.

Hahahaha… sedhela engkas kowe bakal kobong heh lintah wedok! Arep mlayu nyang endi kowe he!” swarane Bardi sing saiki keprungu sora, ora diampet maneh. Siti Sumanding tetep jerit-jerit karo mbukak lawang ngarep lan bablas mlayu saka omah.

Bardi ora nututi nanging malah jumangkah mlebu kamar paturone anak-anake. Bocah loro disowang-sawang karo manthuk-manthuk. Banjur ngguyu lakak-lakak maneh.

“Heh! Kowe lintah-lintah piyik! Mumpung durung gedhe kowe kudu diobong urip-uripan pisan. Merga nek kowe wis padha gedhe ora wurung bakal ngentekake getihku! Hahahahahah……!” karo nyuwara ngono, Bardi banjur nggrujugake lenga njero jrigen marang bocah wadon loro sing lagi turu kepati. Sing digrujug katon mulat-mulet karo kirig-kirig margo glagepan lenga. Kaya diwenehi aba, bocah loro banjur krekal tangi, thingak-thinguk mulehake kasadharane. Bocah loro sing wis lungguh bingung kuwi digrujug lenga maneh maneh dening Bardi. Sakala jerit-jerit wedi. Nalika arep mlayu, Bardi cukat nyaut tangane bocah loro, nuli dicengkiwing lan diuncalake bali ing ndhuwur amben. Sauntara ing tangane Bardi wis nyekeli korekan sing wis diurubake. Geni korek saya dicedhakake marang bocah loro sing sangsaya keweden kuwi. Nanging nalika geni korek wis kurang sakilan saka bocah-bocah kuwi, Bardi klakon disikep wong-wong lanang sing dumadakan wis gemrudug padha tetulung mrono. Bocah loro klakon bisa dislametake saka panyelete geni. Bardi klakon dipithing wong lanang telu lan banjur dibanda tangane.

Ing dina-dina candhake, Bardi wis dibalekake menyang omahe emake. Omah gubug sing saya dhoyong dipangan umur. Ing kono mung ana Bardi sing dibelok sikile lan emake. Dene adhi-adhine wedok wis padha omah-omah lan melu bojone dhewe-dhewe.

“Maaak…emaaak… aku tak gogo urang ning kali ya maaaak…aku seneng nek ditapeli lintah-lintah!” swarane Bardi serak karo semu ngremek-ngremek.

“Engko, Cung….engko….!” wangsulane wong wedok sing sangsaya tuwa, serak gemeter-geter.

“Keneng apa mak, kok kudu engko?”.

“Marga durung udan, kaline isih asat, Ngger?”.

“Geneya udane durung teka-teka, mak?”.

“Merga wong-wong mbok menawa wis kahenan dosa!”

“Kaya dosane lintah-lintah sing wis padha ngentekake getihku ya, mak?”

Ora ana wangsulan maneh. Ing omah dhoyong kuwi keprungu tembang rawat-rawat sing tanpa guru lagu lan guru wilangan. Surasane ngundhamana marang lintah-lintah kali. Nanging uga ngundhamana lintah-lintah sing ora manggon kali.

TAMAT

Minggu, 15 Maret 2009

Siswa yang ikut remidi mohon dibaca dan di print out !


Dewa Srani

Date: Wednesday, December 17 @ 14:46:33

Topic Hiburan
Pada jaman "inulisasi" sekarang ini, pentas wayang bukan hanya full humor, tetapi juga sudah “full dangdut” diisi dengan iringan musik dangdut akustik yang lirik-liriknya selalu menggelitik. Ada lagu Terlena yang liriknya dipelesetkan, hingga lagu India yang lagi pop: Kutch-kutch Hota Hai. Dan perlu diketahui juga, bahwa wayang kulit itu benar2 bisa dijadikan media penyampai pesan yang efektif untuk memberitakan Injil, sebagai contoh dalang Ki Drs. Suyito Basuki, M.Div yg telah mementaskan wayang dengan lakon Wahyu Sabda Jati. Dalam pentasan wayang itu, yg dimulai dari kelahiran Yesus, pelayanan hingga kematian-Nya di kayu salib atau lakon lainnya “Miyose (Kelahiran) Sang Mesias”. Pada saat ini puluhan dalang bergairah untuk memainkan wayang untuk memberitakan "kabar kesukaan"Asal-usul "dalang" adalah "ngudal piwulang," yaitu "menyampaikan ajaran." Karena itu, dalang bisa juga berfungsi sebagai guru, yang, konon, asal-usulnya adalah "digugu lan ditiru," yaitu "dianut atau dipercaya, dan karena itu ditiru."Substansi seni pedalangan, tidak lain terletak pada "sanggit," yaitu kemampuan dalang untuk menciptakan dialog. Kata orang, dalang harus menguasai suara seluruh kotak wayang. Suara semua wayang, mulai dari yang penting sampai dengan yang tidak penting, harus dia kuasai dengan baik. Salajh satu dalang terkenal karena sabetan-sabetannya, Ki Manteb Sudarsono.Wayang Purwo/Kulit" seperti juga namanya sebagai "wayang" yang juga bisa diartikan sebagai "bayangan"ataupun "simbol" , bisa saja sebagai sekedar tontonan buat masyarakat awam, bisa juga memang sangat sarat dengan "simbol-simbol" yang secara luas bisa diterjemahkan menurut selera ataupun peresapan dari masing2 pengamat maupun penggemar "wayang purwo/kulit".Dimasa yang lalu "wayang purwo/kulit" dipergunakan oleh masyarakat Jawa untuk keperluan "ritual" seperti upacara ruwatan (ruwatan adalah upacara yang diadakan untuk menolak bala - sial - yang dikarenakan secara alami seseorang dilahirkan dengan kondisi membawa kearah malapetaka - atau yang dipercaya akan membawa malapetaka - umpamanya: anak tunggal, anak kembar, anak lelaki yang diapit oleh dua anak perempuan dsb.). Upacara lainnya yaitu untuk keperluan keselamatan desa yang setiap bulan Suro (awal bulan tahun Jawa atau bulan Muharam dalam tahun Islam) setahun sekali diadakan upacara pagelaran wayang kulit semalam suntuk dengan cerita "Baratayuda"agar dalam tahun berjalan desa akan diberi panen yang banyak dan keselamatan seluruh warganya (cerita "Baratayuda", yaitu kisah peperangan antara Kurawa dan Pandawa yang sesama darah Bharata untuk memperebutkan kerajaan Hastina, dianggap cerita yang sakral yang tidak setiap dalang bisa melaksanakan dan tidak setiap saat bisa dipentaskan). Kisah Baratayuda ini diterjemahkan oleh Mpu Sedah dari bhs Sansekerta ke dlm bhs Jawa Kuno ketika jaman kejayaan maharaja Jayabaya (1135-1179)Budaya Jawa itu memang begitu rumit dan multi dimensi. Pagelaran wayang adalah salah satu budaya Jawa yg multi dimensi, multi interpretasi dan banyak tidak dimengerti oleh kalangan awam termasuk penulis sendiri yg masih belajar.Sebagai contoh dlm dunia perwayangan ada Dewa Srani kata ini diambil dari kata Nasrani sebutan yg lazim digunakan dlm Al Quran untuk agama Kristen, tetapi dlm lidah Jawa dipersingkat menjadi Srani.Dewa Srani adalah putera dari raksaksa Batara Kala. Suatu waktu diceritakan bahwa Dewa Srani mempunyai ambisi ingin menguasai dunia, Ibunya Betari Durga menganjurkan agar ia mencuri jimat “kalimasada” dgn mana ia bisa mencapai tujuannya. Memang ia berhasil, tetapi akhirnya jimat itu direbut kembali oleh Arjuna.Cerita tsb diatas dikutip dari lakon Jimat Kalimasada, sebuah karangan yg diciptakan khusus pada zaman Islam. Jimat Kalimasada itu sebenarnya adalah azimat dari “Kalimat Sahadat” Islam. Pujangga pengarang dari cerita ingin memperingatkan umat Muslim agar tetap memegang ajaran2nya dan mewaspadai para penjajah & para misionaris yg dtg dari Barat, yaitu Portugis dan sesudahnya Belanda yg pada saat tsb sdh mulai mengembangkan sayapnya di Indonesia.Konon lakon tsb diciptakan ketika zaman Kerajaan Islam Demak untuk memperlihatkan permusuhan dgn bangsa Portugis di Malaka.MaranathaMang UcupEmail: mangucup@wanadoo.nlHomepage: www.mangucup.org

Selasa, 10 Maret 2009

SEKOLAH SBI APA ITU ?


SEKOLAH BERTARAF INTERNASIONAL (SBI)
Wajib Belajar Pendidikan Dasar 1945 - 2008
SBI adalah sekolah yang menyiapkan peserta didik berdasarkan standar nasional pendidikan (SNP) Indonesia dan tarafnya internasional sehingga lulusan memiliki kemampuan daya saing internasional. Visi SBI adalah terwujudnya insan Indonesia yang cerdas dan kompetitif secara internasional. Visi tersebut memiliki implikasi bahwa penyiapan manusia bertaraf internasional memerlukan upaya - upaya yang dilakukan secara intensif dan terarah. Setiap SMP SBI harus menggunakan bahasa komunikasi global, terutama bahasa Inggris dan menggunakan teknologi komunikasi informasi (information communication technology/ICT).
Proses belajar - mengajar di SBI harus menggunakan bilingual, terutama untuk pelajaran matematika dan sains. Pada rintisan SBI dibagi dalam empat model: sekolah baru Newly developed SBI, model pengembangan sekolah yang ada (existing developed SBI), model terpadu dan model kemitraan.
Dari keempat model penyelenggaraan itu SBI dikembangkan dengan 8 prinsip utama, yaitu:
  1. Pengembangan SBI mengacu pada SNP + X SBI = SNP + X.Di mana SNP meliputi 8 standar SNP, yaitu, kompetensi lulusan, isi, proses, sarana dan prasarana, pendidik dan tenaga kependidikan, manajemen, pembiayaan, penilaian sedangkan X adalah nilai plus, yaitu, penguatan, pengayaan, pengembangan, perluasan, pendalaman melalui adaptasi atau adopsi terhadap standar pendidikan, baik dari dalam maupun luar negeri yang telah memiliki reputasi mutu yang diakui secara internasional.
  2. SBI dikembangkan berdasarkan atas kebutuhan dan prakarsa sekolah (demand driven and bottom up).
  3. Kurikulum bertaraf internasional yang ditunjukkan oleh pengembangan isi yang mutakhir dan canggih dengan perkembangan ilmu pengetahuan global.
  4. SBI menerapkan manajeman berbasis sekolah (MBS) dengan tata kelola yang baik.5. SBI menerapkan proses belajar mengajar yang pro-perubahan dan inovatif.
  5. SBI menerapkan prinsip - prinsip kepemimpinan yang memiliki visi ke depan (visioner).
  6. SBI harus memiliki SDM yang professional, baik tenaga pendidik maupun tenaga kependidikan (Kepala Sekolah dan Pendidik minimal berijazah S2 / S3, jenjang SD 10 %, SMP 20 %, sedangkan SMA/SMK 30 %)
  7. Penyelenggaraan SBI harus didukung oleh sarana dan prasarana yang lengkap, relevan, mutakhir, dan canggih seperti laptop di laboratorium, LCD, TV, dan media pendidikan penunjang lainnya.
Dikirim oleh Yuny Hendra, SP.d (SMPN 3 Lamongan)

Selasa, 03 Maret 2009

Cerita Mahabarata

Tokoh Arjuna dalam Cerita Wayang

Dia terkenal ksatria tampan rupawan sakti mandraguna punya segudang ilmu. Sebagai Maha perwira ia tidak saja menjunjung tinggi apa arti kewibaan bagi hidup manusia, tetapi juga memproses alam pikirannya untuk menjangkau sasaran akhir hayatnya dengan jalan gemar beribadat (tapa), agar kelak mendapat kemuliaan akhirat. Sementara dalam hal menggunakan senjata, orang ketiga keturunan Pandu ini sulit tandingannya. Kesemua ilmu itu diperoleh ketika menjadi mahasiswa jurusan ilmu perang di bawah asuhan Resi Dorna sebagai dosennya. Sedang di pemerintahan ia menjabat sebagai Adipati Madukara. Istri yang tetap adalah Sumbadra dan Srikandi.
Sebagai tokoh teladan apa yang dilakukan berdasarkan dermanya seorang ksatria. Luhur budinnya rendah hatinya, tetapi pantang mundur menghadapi kesulitan. Meonolong orang yang sedang kesulitan merupakan kewajiban utama baginya, tanpa memandang siapa orangnya dan dari golongan mana. Karena itu tidak mengherankan apabila ia sering pula di sengsarakan kaum Kurawa. Tapi semua itu diterima dengan kebesaran jiwa tanpa ada rasa dendam.
Wajah tampan yang dimiliki seolah menjadi modal hingga banyak digandrunggi putri-putri jelita, tetapi pantang memanfaatkan kesempatan untuk melayaninya. Keteguhan imannya terlalu kokoh dilanggar perbuatan yang asusila. Keutamaan lain jika ia berbuat salah tak segan menyerahkan diri untuk mendapat hukuman atau bahkan menghukung dirinya sendiri. Itulah kepribadian yang menonjol hingga patut mendapat gelar sebagai tokoh Teladan Jaya dalam susila.
Akan tetapi pada sisi lain ada perbedaan antara Arjuan sebagai tokoh teladan dengan apa yang sering dilukiskan dalam cerita wayang, di mana ia dianggap tokoh penjaja cinta beristri banyak beranak banyak pula. Dia dianggap lambang laki-laki jantan bukan saja dalam watak dan perbuatan hingga ia dijuluki “Lelananing Jagat”, tetapi juga dikenal laki-laki jantan dalam arti biologis, hingga sering ganti-ganti teman kencan dan sering menimbulkan khayalan yang spektakuler menjadi bahan olok-olokan kaum pria yang figurnya mirip tokoh Arjuna.
Memang dalam cerita wayang Arjuna banyak figurnya antara lain sebagai Damar Wulan dalam cerita wayang klitik dan dalam cerita menak dikategorikan sebagai Amir Hamzah yang digambarkan sebagai prototip tokoh budaya yang sudah ada sebelum Hindu datang di Indonesia. Dengan kata lain tokoh Mahabharata itu telah mengisi tokoh-tokoh yang sudah ada.
Akan tetapi jika kita simak jati diri Arjuna menurut versi Mahabharata, tidak seperti yang digambarkan masyarakat di negeri ini. Karena meskipun beristri banyak, yang benar-benar jatuh cinta secara murni hanya kepada seorang saja, yaitu Sumbadra. Sedang lainnya adalah sebagai imbalan atas jasa-jasanya. Adanya perbedaan antara Arjuna dalam pewayangan di negeri ini dengan Arjuna bersi mahabharata, karena dunia pewayangan di Indonesia mempunya konsep sendiri yang umurnya sudah ribuan tahun sebelum Hindu datang di negeri ini.
Mungkin dahulunya ada semacam kepercayaan yang berkaitan dengan kesuburan dalam bercocok tanama adalah hal yang utama dalam kehidupan. Karena itu ketika agama Hindu masuk ke Indonesia yang dipuja adalah patung “lingga Yoni”. Lingga ini adalah lambang ‘kelaki-lakian’ sedang Yoni adalah lambang ‘kewanitaan’. Maka Lingga Yoni itulah menurut kepercayaan mereka akan menghasilkan kesuburan dalam bercocok tanam. Sedang dalam dunia pewayangan Lingga dilambangkan oleh tokoh Arjuna dan Yoni adalah lambang putri, yang menurut kesustraan kuna, putri adalah lambang “Rasa sejati’ atau ‘Puncaknya Rasa’. Jadi itulah motif adanya anggapan Arjuna sebagai tokoh petualang cinta, tapi sebenarnya berdasarkan kepada alam pikiran kesuburan tadi. Suatu bukti bahwa Arjuna bukan petualang cinta dibuktikan dalam cerita Duryudana Rabi, yaitu perkawinannya dengan Banowati putri Prabu Salya dari Negara Mandaraka.
ketika Duryudana melamar, si putri jelita yang centil itu mengajukan permintaan yang amat sensitif yang tidak mungkin dipenuhi oleh si pelamar. Betapa tidak, karena permintaan itu adalah: Pertama, minta dimandikan oleh seorang laki-laki yang tampan melebihi laki-laki yang ada di Mandaraka dan Astina, Kedua, minta dirias oleh laki-laki yang tampan tadi, dan Ketiga, pada malam pertama minta tidur bersama laki-laki yang itu juga. Sanksinya apabila ketiga syarat itu ditolak, maka dengan sendirinya lamaran pun ditolak. Lalu siapakah laki-laki yang dimaksud itu, tidak lain adalah Arjuna.
Rupa-rupanya sang putri telah lama menaruh hati kepada putra ketiga Dewi Kunti itu, sehingga ia nekad akan memberikan kesuciannya sebelum kepada laki-laki yang berhak memilikinya menurut hukum perkawinan. Tentu saja hal ini merupakan problem yang amat sulit dan serba salah bagi Duryudana. Dipenuhi permintaannya diragukan kesucian calon istrinya. Tidak dipenuhi maka keinginan untuk mempersunting wanita idamannya hanya sebatas mimpi belaka. Ununglah Arjuna tanggap atas kesulitan yang dihadapi Duryudana. Maka ia menyarankan agar permintaan Banowati dipenuhi dengan jaminan, calon istrinya akan tetap dalam keadaan suci.
Pernyataan itu dibuktikan setelah ketiga syarat yang diminta Banowati dilaksanakan, baik waktu sang putri dimandikan, dirias maupun ketika tidur bersama di mana Arjuna telah mempersiapkan diri dengan mantra penangkal nafsu birahi, baik utnuk Banowati maupun bagi dirinya. Terlebih di saat tidur berduaan di kamar pengantin, di saat yang amat kritis itu Arjuna memapatkan aji sirepnya hingga sang putri yang cantik dan genit itu, tak mampu menahan kantuk dan tertidur pulas. Di saat itu pula Arjuna mempersilahkan Duryudana menggantikan tidur bersama putri idamannya. Betapa lhur budi dan kuatnya iman laki-laki yang bernama Arjuna itu. Barangkali tak semua laki-laki dalam dunia pewayangan mampu menahan nafsu seperti dia walau ini hanya sebuah cerita saja.
Demikianlah Arjuna seorang ksatria utama berhasil memerangi hawa nafsunya, sehingga dia dijuluki ‘Arjuna Jaya Susila’
Ebet Kadarusman