Kamis, 29 Oktober 2009

Wacan Anyar 30 Oktober 2009

SEKOLAH KANGGO BOCAH “NDHUGAL


       Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .
     Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).
      Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.
        Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.
        Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.
Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.
        Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...
        Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...
         Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).
Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
         Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.
         Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.
        Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.

Rabu, 05 Agustus 2009

Tugas kanggo kelas VIII B, C, lan D SMP Negeri 3 Pati

Tugas kagem siswa-siswa RSBI SMP Negeri 3 Pati wulan Agustus minggu kapindho.

Wacanen kanthi permati wacan “ Nyinau Basa Jawi kanthi Raos Tresna” banjur tulisen nganggo aksara Jawa lan owahana dadi basa Jawa ngoko lugu !
Nyinau basa Jawi kanthi raos tresna
Kathah ingkang ngendika bilih basa Jawi menika angel. Malah wonten ugi ingkang kagungan pamanggih manawi nyinau basa Jawi menika langkung angel katandhingaken kaliyan nyinau basa manca. Kamangka ingkang kagungan pamanggih kalawau inggih tiyang asli Jawi. Kadospundi kok saget makaten? Menapa leres basa Jawi menika saestu angel? Ngendikanipun para sepuh, saestunipun basa Jawi menika mboten angel. Menawi kadamel angel inggih lajeng dados angel saestu. Basa Jawi kaanggep angel amargi ing basa Jawi wonten ingkang dipun wastani undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa kalawau kaperang dados sekawan. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saking unggah-ungguh basa cacah sekawan kalawau ingkang kaanggep gampil kiyambak inggih menika ngoko lugu. Basa ngoko lugu kathah dipun-ginakaken ing bebrayan Jawi, dipunginakaken kangge pangandikan tiyang sepuh dhateng tiyang enem utawi lare, ugi kangge gineman lare kaliyan lare, utawi tiyang sepuh dhateng tiyang sepuh ingkang sampun raket srawungipun.
Dene unggah-ungguh basa ingkang kaanggep angel inggih menika basa krama alus, amargi kedah kathah ngapalaken tembung-tembung, mliginipun tembung ingkang kangge ngaosi dhateng tiyang sepuh. Babagan undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa ka-lawau tumrap para siswa saget kasinau ing salebeting wucalan basa Jawi ing pawiyatan.
Wiwit wontenipun Keputusan Gubernur Jawi Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngengingi kurikulum basa Jawi, basa Jawi lajeng dados wucalan wajib ingkang dipunparingaken ing pawiyatan-pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) ngantos dumugi SMA (Sekolah Menengah Atas).Saderengipun wonten keputusan gubernur kasebat, wucalan basa Jawi namung kangge jangkep-jangkep, namung dipunwucalaken ing tataran SD dumugi SMP. Samenika basa Jawi wiwit pikantuk kalodhangan mirunggan, mugi-mugi kemawon saget njalari basa Jawi dados langkung ngrembaka, mboten ajeg mrihatosaken.
Kathah para nimpuna basa ingkang sami ngendika bilih sejatos-ipun ingkang njalari basa Jawi dados mrihatosaken menika mboten sanes inggih saking tiyang Jawi piyambak. Saperangan ageng tiyang Jawi mboten ngulinakaken mawi basa Jawi ing gesang paditenipun. Pawadanipun bilih basa Jawi mboten praktis, kirang komunikatif, lan sanes-sanesipun. Kasunyatan wekdal menika kathah kulawarga-kulawarga Jawi anggenipun sami nggulawenthah putranipun mboten ngangge basa Jawi. Utaminipun ibu-ibu, sinaosa asli tiyang Jawi, nanging kados-kados sampun sami kesupen dhateng basa Jawi. Kabukten nalika kagungan putra, wiwit lair putranipun sampun dipunkulinak-aken mawi basa Indonesia. Babar pisan mboten dipunkulinakaken micara basa Jawi.
Dados para putra sami mboten dhong dhateng basa Jawi. Menapa malih unggah-ungguhipun. Saperangan ibu-ibu kalawau sami ngendika bilih ing jaman teknologi sarwa majeng menika basa Jawi mboten patos prelu lan malih samenika umumipun sami ngangge basa Indonesia. Pramila pilih ngangge basa Indonesia kemawon ingkang ngendikanipun langkung gampil. Pamanggih kalawau wonten leresipun nanging ugi kathah klentunipun. Sampun dipunmangertosi ing akathah bilih basa Jawi menika mboten namung saget kangge pasrawungan kemawon. Langkung saking menika basa Jawi ugi saget kangge nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pakerti dhateng para putra.
Kanthi ngulinakaken ngangge basa Jawi, kaajab para putra ka- lawau sageta langkung nggadhahi tatakrama ingkang sae lumantar unggah-ungguhing basa. Basa Jawi menika tetep nggadhahi kesaenan menawi katandhingaken kaliyan basa sanesipun. Matur nuwun
Minangka tuladha, kula nate maos satunggaling rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, ingkang nyebataken bilih tembung-tembung ing basa Jawi menika sae-sae. Nembe anggenipun ngucapaken kemawon benten kaliyan tembung-tembung ing basa sanesipun. Upaminipun tembung ”matur nuwun” anggenipun ngucapaken tamtu kanthi sareh. Benten kaliyan anggenipun ngucapaken tembung thank you, terima kasih, kamsia, ingkang saget dipunucapaken kanthi seru utawi sora.Basa Jawi saget dipunsinau mawi cara ingkang warni-warni, kados ingkang taksih tansah kulatindakaken. Cara-cara kalawau upaminipun, saget sinau lumantar buku-buku basa Jawi ing sekolahan, mligi para siswa, menawi mrangguli bab-bab ingkang mboten cetha kedah wantun nyuwun pirsa dhateng bapa utawi ibu guru basa Jawi.
Kangge ingkang dereng pirsa, kalawarti lan ariwarti basa Jawi menika isinipun werni-werni, wiwit dongeng kangge para putra, kabudayan, kasusastran, dumugi paramasastra sedaya wonten. Kanthi asring maos waosan basa Jawi kalawau mboten kraos seserepan kita bab basa Jawi saget mindhak. Sasampunipun remen maos, menawi manggihaken bab-bab ingkang kirang cetha, saget nyuwun pirsa dhateng para sesepuh ingkang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawi, limrahipun para sesepuh kalawau nyata mumpuni saestu. Salajengipun, prekawis kasil lan mboten anggenipun nyinau basa Jawi kalawau gumantung dhateng pribadinipun piyambak-piyambak. Ingkang wigatos ,saderengipun wiwit nyinau basa Jawi langkung rumiyin kedah gadhah niyat ingkang kiyat kanthi dipunlandhesi raos tresna dhateng basa Jawi.Nindakaken pedamelan menapa kemawon menawi dipun landhesi raos tresna limrahipun tamtu badhe nuwuhaken asil ingkang sae lan ngremenaken. Langkung prayogi minangka tiyang ingkang sampun kinodrat dados tiyang Jawi sumangga sami nggadhahi raos tresna dhateng basa Jawi. Sinten malih ingkang kedah nresnani menawi mboten tiyang Jawi piyambak. Inggih kula kaliyan panjenengan sadaya.

::Setiyaningsih SPd MPd, guru ing SMP Negeri 11 Solo.::
Tags: bahasa jawa
Prev: Tegal Kurusetra papan kanggo metung dosa lan kabecikan Next: Serat Cemporet (Perangan X)

Jumat, 24 Juli 2009

Tugas Kanggo Siswa-siswa Kelas VIII RSBI SMP 3 Pati

Tulisen 20 Kadadeyan/ prastawa kang ana gegayudane karo paribasan, beba-san, utawa saloka ana file laktopmu banjo lebokake ana alamat blospot-mu! Delengen limang(5) tuladha ing (Saloka) ngisor iki !

1. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
2. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira
bakal kalah prakarane
3. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana
kajibah nggoleki barang kang ilang
4. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
5. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
6. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
7. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
8. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
9. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
10. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
11. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
12. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
13. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
14. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
15. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
16. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
17. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
18. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
19. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
20. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
21. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugi.
22. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur
panguwasane
23. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
24. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
25. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
26. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
27. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
28. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
29. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
30. Asu marani gebug = njarag bebaya
31. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe
panguwasa)
32. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
33. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan
melu tanggung jawab
34. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
35. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
36. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
37. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
38. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
39. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
40. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu pialakang luwih saka
ala
41. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
42. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
43. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
44. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
45. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter
tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
46. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dinaBathang lelaku = wong lungan ijen liwat
dalan kang gawat, ngemu baya patiBathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang
gawat, ngemu baya patiBubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
47. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)Buntel kadut, ora kinang ora udut =
wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udutBusuk ketekuk,
pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
48. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
49. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepakeMburu uceng
kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
50. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala
rupane nanging manis bebudene
51. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
52. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih
trengginas
53. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
54. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang
disiriBrekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
55. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
56. •Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe•Carang
canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug•Car-cor kaya kurang
janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisikCathok gawel = seneng cawe-cawe
mesthi ora diajak guneman
57. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
58. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
59. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
60. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
61. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
62. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
63. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asorCocak nguntal elo = wong
tumandang gawe kang ora laras karo kaananeCumbu laler = wong kang teka lunga
pamanggone
64. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti
mati
66. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung
climen wekasan entek wragat akeh
67. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
68. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo
rembuge wong akeh
69. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari
kuwat.
70. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
71. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya

Saloka

PRASTAWA / KADADEYAN KANG ANA GEGAYUDAN KARO
PARIBASAN/ BEBASAN / SALOKA



Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom

Pak Siswanto kuwi piyayine pinter ing samubarang kawruh. Emane Panjenengane durung pirsa carane ngakses internet. Mangka putrane sing asmane Bayu kuwi dadi operator ana ing sawijing warnet ing Plangitan. Nanging Pak Siswanto ora isin mundhut pirsa marang putrane kepriye carane donwload, chating, ngeblog lsp. Bab kawruh internet.

Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale

Tanggaku wingi bali saka Arab Saudi dadi TKI, mangka olehe tindak kuwi udakara wis ana 24 taun. Yen digagas bener ngendikane piyaye sepuh kuwi. Sak adoh-adohe wong lelungan mesthi bakal bali nyang kampunge.

Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi

Bocah kok ceguk aten ngono. Wong olehe nggarap Matematika durung rampung, bareng diisin-isin kancane kok ora dirampungake. Malah wadul marang wong tuwane yen deweke lagi dikrubut kanca-kancane. Gaweyan durung ditandangi kok wis ditinggalake.

Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan

Bocah kok ngisin-ngisini ngono. Apa ora takon-takon karo kancane yen pranatan (aturan) ing SMP 3 Pati kuwi yen lagi pelajaran ora pareng dolanan game apamaneh on line nganggo internet. Ati-ati lho bisa-bisa laktop-mu bisa disuwun petugas BK lho.

Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata

Kowe kuwi bisa apa ora nggarap soal-soal kuwi. Jare wingi kowe ngomong yen bisa. Wah bener kowe kuwi akeh ngomong nanging ora ana kasunyatane.

Jumat, 03 April 2009

Pawarta Basa Jawa

MACA PAWARTA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra
berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar : Membaca berita

Maca saking pawarta Televisi


Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. Pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi


Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI Jogja