tag:blogger.com,1999:blog-81381646619450350382024-02-07T16:57:19.839-08:00JAVANESE FOR MY STUDENT RSBI CLASS VII (SEVEN) SMP 3 PATI CENTRAL JAVAWELL COME FROM MY WEB TO LOOK, RESPON, AND GIVE SOLUTION. I THINK NOT BODY IN THE WORLD IS THE BEST SAME AS GOD. JAVANESE LESSON VERY GOOD FROM WE LOVE OUR COUNTRY. By Nyamat, S.Pd, M.Pd.[Magister Pengkajian Bahasa, Konsentrasi Pengajaran Bahasa Indonesia, UMS, 2009].Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.comBlogger34125tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-638967705781712882010-11-07T17:12:00.000-08:002010-11-07T17:12:39.822-08:00Dongeng ANDHE-ANDHE LUMUT
Wonten ing Kraton Jenggala Manik, Prabu Lembu Amiluhur rumaos sumelang amargi putrinipun Galuh Candra Kirana kaliyan putra mantunipun Panji Asmara Bangun mbonten dipun mangertosi wonten pundi, tiyang kalih punika tindak ninggalaken Kraton Jenggala Manik mboten pamit, pramila ndamel sumelangipun Prabu Lembu Amiluhur.
Prakawis punika minangka wadinipun nagari ingkang mboten paring keprungu dening negari sanes. Amargi menawi keprungu, Parbu Lembu Amiluhur rumaos lingsem kawirangan. Lajeng sang prabu pesen dumateng Patih Kudonowarsa kaliyan prajuritipun Puthut Jenggolono supados mendhem jero babagan prakawis punika. Ampun ngantos negari sanes mireng.
Setunggaling dinten wonten ing Jenggala Manik, rawuh tamu saking negari Jomparan inggih punika Prabu Krana Jatisura utusanipun Prabu Krana Sura Wibawa. Rawuhipun Prabu Krana Jatisura punika kagem nglamar putrinipun Prabu Lembu Amiluhur inggih punika Galuh Candra Kirana. Menawi lamaripun dipuntampik Kraton Jenggala Manik bakal dipun obrak-abrik.
Mireng aturipun Prabu Krana Jatisura ingkang murang tata punika, Puthut Jenggolono duka, lan prang tandhing antaranipun Puthut kaliyan Prabu Krana Jati mboten saged dipunselakaken malih. Mangertos kahanan punika Prabu Lembu Amiluhur enggal misah lan mutusi perang punika.
Kanthi swanten ingkang manteb lan awibawa Prabu Lembu Amiluhur ngendika menawi Galuh Candra Kirana punika tindak ninggalaken Kraton Jenggolo lan mboten dipun mangertosi wonten pundi piyambakipun. Lajeng Prabu Lembu Amiluhur ngawontenake patembayan sinten kemawon ingkang seged nemokaken Galuh Candra Kirana, menawi estri dipundadosaken sederek sinarawedhi menawi kakung dipundadosaken garwanipun.
Lajeng Prabu Krana Jati enggal-enggal kondur dhateng negarinipun inggih punika negari Jomparan. Prabu Krana Jati sowan wonten ngarsanipun Prabu Krana Sura Wibawa, panjenenganipun ngendika babagan patembayan Prabu Lembu Amiluhur.
Saking bungahipun lejeng Prabu Krana Sura ngutus Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju Kraton Jenggala, kanthi ancas ampun ngantos wonten tiyang sanes ingkang mlebet Kraton Jenggala lan ndherek patembayan kala wau.
Cekakipun cariyos, Kleting Kuning ngenger dumateng Mbok Randa Dhadhapan wonten mriku gesangipun Kleting Kuning rekaos sanget. Piyambakipun dipun pulasara dening Kleting Abang, Kleting Wungu, Kleting Biru, lan Mbok Randa Dhadhapan.
Setunggaling dinten Kleting Kuning dipundhawuhi ngisahi dandang ingkang cemeng sanget ngantos pulih kados enggal lan ngebaki kranjang ngagem godhong-godhongan.
Sanajan mokal Kleting Kuning tetep ngayahi punapa ingkang dados panyuwunanipun embokipun minangka bukti baktinipun. Saking awratipun Kleting Kuning nangis sesenggukan ngantos ngucap supata. Sinten kemawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun menawi estri dipun dadosaken sedulur sinarawedhi, menawi kakung dipun dadosaken garwanipun.
Supatanipun Kleting Kuning dipunpirengaken Bango Thongthong ingkang ageng sanget. Bango Thongthong punika saguh ngebaki lan ngenggalaken dandangipun. Sasampunipun numindakaken gawean kala wau, Bango Thongthong nagih janjinipun Kleting Kuning. Ananging Kleting Kuning mboten purun dados garwanipun kewan. Kleting Kuning gadhah akal. Piyambakipun gadhah panyuwun kagem nguji katresnanipun Bango Thongthong. Bango Thongthong nyuguhi. Kleting Kuning badhe ngetok pupu lan swiwinipun. Bango Thongthong taksih gesang. Lajeng dipun tugel gulunipun. Bango Thongthong lajeng brebah dados Bathara Narada.
Kleting Kuning lajeng dipunparingi pusaka sada lanang lan dipunparingi ngertos menawi ing Desa Pasirepan wonten Jaka Tiban asmanipun Raden Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun saking lepen, Kleting Kuning wicanten menawi piyambakipun badhe ngunggah-unggahi Andhe-andhe Lumut. Ananging Mbok Randha mboten ngidini. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun sampun bidhal kagem ngunggah-unggahi. Amargi Kleting Kuning meksa, Mbok Randha lajeng ngidini kanthi sarat Kleting Kuning dipunpacaki awon lan gandanipun bacin. Ewadene Kleting Abang lan sederekipun dipaesi ayu lan wangi.
Sampun sautawis mlampah, Kleting Abang sasederekipun diadhang ditya yuyu kangkang. Yuyu kangkang purun nyabarangaken Kleting Abang sasederekipun menawi dipunopahi. Kleting Abang saguh ngopahi lan yuyu kangkang purun nyabrangaken.
Ananging nalika giliranipun Kleting Kuning, yuyu kangkang mboten purun nyabrangaken, lajeng Kleting Kuning nyabetaken pusaka sada lanang. Yuyu kangkang nyuwun pangapunten lan Kleting Kuning nyabrang.
Wonten ing Desa Pasirapan, Kleting Abang dipun tampik dening Andhe-andhe Lumut, amargi sampun nate dipungendhong kaliyan yuyu kangkang. Benten malih kaliyan Kleting Kuning. Kleting Kuning dipun tampi dening Andhe-andhe Lumut.
Sasampunipun mandhap Andhe-andhe Lumut lan Kleting Kuning sami-sami kaget. Amargi satemenipun Raden Andhe-andhe Lumut punika Panji Asmara Bangun lan Kleting Kuning punika Galuh Candra Kirana.
Pungkasanipun Panji Asamara Bangun lan Galuh Candra Kirana wangsul dhateng Kraton Jenggala.
ANALISA
Andhe-andhe lumut punika sarat piwulang kagem tiyang enem utaminipun lan tiyang sepuh ugi lare alit.
Cariyos punika dipunwiwiti nalika Galuh Candra Kirana lan garwanipun medl saking keraton Jenggala Manik lan mboten dipunsumurupi panggenanipun. Amargi punika Prabu Lembu Amiluhur dhawuh kaliyan abdinipun supados mendhem jero prakawis punika. Patih Kudonowarsa lan prajuritipun Puthut Jenggolono ngleksanaaken sabda kala wau kanthi sae. Tumindak Patih Kudowarsa lan parjuritipun kala wau pantes dipuntuladhani menawi kula panjenengan sedaya kedah mikul dhuwur lan mendhem jero prakawis-prakawis ingkang ndamel lingsemipun keluarga, masyarakat, utawi organisasi. Ananging mboten lajeng nutup-nutupi prakawis korupsi, punika sampun beten prakawis.
Satunggaling dinten wonten tamu ingkang murang tata asmanipun Prabu Krana Jati. Ancasipun Prabu Krana Jati punika kagem mboyong Galuh Chandra Kirana. Tumindakipun ingkang murang tata punika ndamel dukanipun Puthut Jenggalana. Prabu Krana Jati punika naming tamu ananging wantun nantang Prabu Lembu Amiluhur. Sejatosipun tamu punika kedah sopan lan kurmat dumateng ingkang kagungan dalem.
Cekaking cariyos Kleting Kuning ingkang dipundhawuhi mbok Randha ngenggalaken dandang lan ngebaki kagem godhong. Amargi sampun mboten kiat Kleting Kuning ngucap supata sinten kemawon ingkang saged mbiyantu piyambakipun badhe dipun dadosaken sedulur/garwa. Mboten dangu wonten bango thonthong ingkang saged mbiyantu Kleting Kuning. Nalika bango thonthong nagih janji, Kleting Kuning mboten purun dados garwanipun kewan lan pados akal supados saged uwal saking bango thonthong. Lajeng bango thonthong njalma dados dewa ingkang maringi gaman sada kagem Kleting Kuning. Tumindakipun Kleting Kuning punika mboten sae. Piyambakipun sampun janji lan bango thonthong sampun nulungi. Ananging amargi bango thonthong punika kewan, Kleting Kuning pados alesan supados uwal saking supatanipun piyambak lan bango thonthong.
Mireng wonten Jaka Tiban, Kleting Kuning, Biru, lan Abang pengin ngunggah-unggahi ananging mbok Randha ngidinaken Kleting Kuning, menawi Kleting Kuning badhe ngunggah-unggahi piyambakipun kedah dipun leleti telek. Kleting Kuning saguh wonten ing tengah margi. Kleting-kleting kala wau dipun cegat yuyu kangkang, yuyu kangkang purun nyabrangaken kanthi sarat dipunopahi. Kleting Abang sak sederekipun saguh ananging yuyu kangkang mboten purun nyebrangaken Kleting Kuning, amargi Kleting Kuning elek. Ngagem sada lanang yuyu kangkang dipun pecut lan purun nyabrangaken Kleting Kuning tanpa sarat.
Wonten ing ngarasanipun Jaka Tiban kala wau (Andhe-andhe Lumut), Kleting Abang sak sederekipun dipun tampik amargi sampun nate dipun gendong yuyu kangkang. Ananging Kleting Kuning dipun tampi amargi taksih suci. Punika nyariosaken menawi kasucining dhiri punika penting saged kagem para wanita. Pramila dados wanita punika kedah njagi kasucining dhiri kagem garwanipun.
PIWULANG
Maos cerita wonten nginggil kathah piwulang ingkangsaged dipunpendhet.
1. Abdi dalem punika kedah saged mikul dhuwur lan mendhem jero lan setya dhateng rajanipun. Prakawis punika saged dipunpersani wonten ing lakon Patih Kudowarsa lan Puthut Jenggolono. Langkung-langkung Puthut Jenggolono nalika mireng aturipun Prabu Krana Jati ingkang murang tata. Puthut Jenggolono duka lan perang tandhing mebla reja lan negarinipun.
Wonten ing kasunyatan ing jaman sapunika sekedhik pegawe ingkang setya dhateng pimpinanipun. Tuladhanipun: usum pemilu punika kathah kader PDI ingkang pindhah partai utawi malah ndamel partai piyambak. Punika mbuktekaken menawi kasetyan punika angel dipunwujudaken naming tiyang tartamtu ingkang saged njagi kasetyanipun.
1. Sipat Prabu Krana Jati sura ingkang murang tata minangka piyambakipun punika tamu. Sipat punika ndamel dukanipun Puthut Jenggolono. Amargi punika, nalika mertamu kala panjenengan sedaya kedah njagi tata krama, supados mboten ndamel dukanipun tiyang ingkang dipun sowani.
2. Prabu Krana Sura wibawa. Ingkang ndhawuhi Prabu Krana Jati supados nutup margi-margi ingkang nuju kraton jenggala kanthi ancas mboten wonten tiyang ingkang mangertos patembayan kala wau. Saengga Prabu Sura mboten wonten sainganipun.
Punika mboten pantes dipuntuladhani amargi warta punika hakipun tiyang kathah.
1. Ampun gampil medalaken supata. Saged-saged supata punika ndamel cilakanipun piyambak. Kados supatanipun Kleting Kuning ingkang badhe ndadosaken sedulur sinarawedi/sisihanipun sinten kenawon ingkang saged ngebaki kranjangipun lan ngenggalaken dandangipun. Lajeng wonten bango thongthong ingkang saged mbiyantu, ananging Kleting Kuning malah mboten purun dados sisihanipun lan pados akal supados saged uwal saking kewan kala wau.
1. Dados tiyang estri punika kedah saged njagi kasucining dhiri kagem garwanipun. Wonten nginggil dipun cariyosaken menawi Andhe-andhe Lumut nampik Kleting Abang saderekipun amargi sampun dipun gendhong yuyu kangkang.
2. Menawi sampun jodho alangan punapa kemawon saged dipun adhepi.
MERAK LAN KANCIL
Merak punika remen macak. Awit saking punika merak tansah nengsemaken. Wulunipun katon edi, ndamel resep ingkang sami mirsani. Awit saking punika tangga-tepalihipun sami sowan omahipun Merak kagem sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” aturipun Kancil dhateng Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulanipun Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” wangsulanipun merak tanpa linandhesan raos umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakonipun Kancil.
“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulanipun Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”
ananging Kancil sajak kemeren mirsani kaendahan wulunipun Merak. “Piguna apa?” Sasampunipun megeng napas sawetawis lajeng nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!” “Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” aturipun Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!”
Senajan kathah-kathah Merak anggenipun ngandhani, ananging mboten saged mbendung pepenginanipun Kancil nggadahi wulu kados wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” aturipun Kancil setengah meksa.
Merak gedheg-gedheg gumun kaliyan kekarepanipun Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakonipun Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakonipun Kancil mboten sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bingah. “Ndang dipasang!” panyuwunipun kesesa.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.” “Terus kapan?” “Udakara rong mingguan.” “Tak tunggu, Rak”. Wangsulanipun Kancil lajeng nerasaken lampahipun. Merak naming mirsani kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke”. Ngantos dinten ingkang sampun dipunjanjekaken, enjing-enjing Kancil sampun dugi omahipun Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!” “Beres!” Wangsulanipun Merak sinambi nata wulu-wulu ingkang sampun dipunkempalaken, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!” “Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” Aturipun Kancil sinambi lenggah dhingklik sacelakipun Merak. Merak lajeng ngoser-oseri sedaya kulitipun Kancil ngagem tlutuh karet.
Bareng kawawas mboten wonten ingkang kantun keri, baka setunggal Merak nemplekaken wulu-wulu kados kebetahanipun. Wulu gulu ditemplekaken ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut ugi dipunpasang ing buntutipun Kancil. Sedinten natas, sedaya wulu sampun kapasang. ”Rampung, Cil,” criyos Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!” Kancil lajeng ngilo. “Iki sing dakkarepake!Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!” “Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu”, merak ngemutaken.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.” “Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil lajeng pamitan.
”Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!” “Sing ati-ati, Cil,” pituturipun Merak kaliyan nguntapaken Kancil medal saking omahipun, Kancil mlampah lon-lonan. Bocongipun digidal-gidulaken, ancasipun supados saget mameraken wulunipu ingkang sae tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem sinambi aruh-aruh sombong. Dene ingkang dipunaruhi ugi gentos mesem, ananging esemipun esem geli. Geli amargi mangertos kahanan ingkang mboten lumrah. Ananging tumrap Kancil esem kala wau dipun tampi benten, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” aturipun jroning ati. Ananging sengsem, edi, lan endah wau mboten dangu. Lajeng tlutuh karet wau garing, kulitipun Kancil dados kaku nyekengkeng. Saengga sikil, gulu, lan buntutipun angel diobah-obahake. Kancil naming saged njegreg ngececer, mboten saged mlampah.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengokipun Kancil sasaged-sagedipun. “Ana apa, Cil?” pitakonipun Merak mireng pambengokipun Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!” “Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?” “Gelem, Rak!” Kancil nglenggana marang punapa ingkang sampun dipuntumindakaken. Piyambakipun emut menawi sedaya paringanipun Gusti mono kedah tansah dipunsyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan saged ngganggu utawi mbilaheni.
Alon-alon, Merak mbubuti wulu ingkang kebacut kraket wonten badanipun Kancil. Senajan ngraosaken perih amargi sebagian kulitipun wonten ingkang katut thethel, Kancil naming mringis-mringis kaliyan ngempet sakit, mboten sambat. Ndhadha tumindakipun ingkang salah amargi naming nuruti karepipun piyambak, tanpa metung tuna lan bathinipun.
ANALISA
1. Syukur kaliyan paringanipun Gusti.
2. Migunakaken paringanipun kala wau kanthi sae.
3. Njagi punapa kemawon ingkang sampun dipun paringaken Gusti.
4. Ampun naming nuruti karepipun dhiri tanpa metang tuna lan bathinipun.
Piwulang wonten ing inggil punika leres banget. Kula panjenengan sedaya kedah matur nuwun kaliyan paringanipun Gusti. Gusti allah punika Maha Mangertos kaliyan ciptaanipun. Syukur punika pancen angel, buktinipun kathah tiyang ingkang mboten saged syukur kaliyan perangan awak ingkang sampun dipunparingkaen Gusti. Rambut kriting dipunlurusaken, irung pesek dipunsuntik silikon supados mancung, kulit ireng dipunputihaken ngagem obat, lsp. Tiyang kados kala wau, mboten metungaken tuna lan bathinipun. Kamangka tunanipun punika langkung kathah lan langkung mbebayani. Obat kagem pelurusan punika saged ndamel rambut rusak, silikon punika menawi ngempal wonten ing awak mbebayani, lsp.
Amargi punika mangga kula panjenengan sedaya syukut kaliyan paringanipun Gusti Allah. Ayu punika mboten kemawon saking rupa, ananging ati ingkang ayu punika langkung dipunremeni tiyang kathah.
Kancil lan merak punika nggambaraken tiyang kalih ingkang gadhah sipat benten sanget. Merak ingkang narima lan saged syukur lan njagi paringanipun Gusti. Menawi kancil punika tiyang ingkang mboten gadhah “kepercayaan diri utawi pede”. Mirsani kaendahanipun wulu merak, kancil kepengin kados merak. Lajeng kancil nyuwun supados ditpuntempleki wulu kados wulunipun merak. Kancil ngaros menawi wulu coklatipun mboten migunani lan awon. Kancil dereng saged syukur dumateng Gusti.
Merak nuruti mawon punapa pepenginanipun kancil. Lajeng awakipun kancil dipuntempleki wulu merak ngagem tlutuh karet. Sasampunipun dipuntempleki, kancil ngilo sejak bingah. Ngraos sampun ayu kancil mameraken wulu anyaripun kala wau kalih sedaya sato ingkang liwat.
Mboten dangu, tlutuh karet kala wau garing, akibatipun kulitipun kancil dados ngececer. Kancil nyuwun tulung, dening merak wulu kala wau dipuncopoti. Kancil naming saged nglenggara lan ngempet lara amargi kulitipun katut sekedhik-sekedhik.
“Milik katon melok”. Paribasan kala wau pancen trep kalih kahananipun kancil ingkang kepingin gadhah wulu kados merak tanpa mitung tuna lan bathinipun. Kancil mboten mikiraken akibat ing wingkingipun. Kancil naming mikir menawi kancil gadhah wulu kados merak, mesthi sedaya sato gumun lan muji. Ananging kancil mboten mikir wulu kala wau kedah dipuncopot amargi tlutuh karet sampun garing lan ngecenceng.
Sejatosipun punapa paringanipun Allah punika sampun trep lan nggadahi guna piyambak-piyambak. Dados syukuri, ginakaken, lan jagi unpa kemawon ingkang sampun dipunparingaken Gusti. Gesang bakal langkung nyenengaken lan migunani.
Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-44167950423540532972010-10-27T14:07:00.000-07:002010-10-27T14:07:08.700-07:00Nilai Ulangan Tengah Semester Gasal Tahun Pelajaran 2010/2011 Bahasa JawaNilai Ulangan Tengah Semester Bahasa Jawa
Kelas : VII A
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
AHMAD SHIDDIQ 80
ALDRIN COLLIN AB 68
ANASTA DIAN ISMI 81
ANDRE SETIAWAN 78
ANGGITA NADILA 76
APRILIA PUTRI R 73
AULIA FIKRI F.I. 78
BAGAS PRAKOSO 74
BAGUS PERMONO 61
BERLIAN REZA RAMA I 90
CALVIN SURYA WISANDIKA 62
CHOIRUN NAFIS A 78
FARRA SISCA WIJAYANTI 82
FELIO AGUNG 76
GHOODA PHATEENA T.H 76
GUIRANI HARUM S 70
HAEYDAR ANGGARA HARI 81
HANIF ALFIAN 88
IZUL R. PAMBUDI 74
JEVI RAMADHAN BERLIANI 90
M. AMIQ IBDNU AHIMSA 84
MAGHFIRA RAUDYA P 79
NANDA BUNGA IANTARIE 77
SHINTA RAHMATIKA D 72
Kelas : VII D
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
ALDIKE DONA W 66
ALIFIANI WIDYANINGTYAS I 78
AMALIA SEKAR BUMI 71
AMIRUL IKBAL H 64
ANGGA MUHAMMAD F 66
ANIKA INTAN NA 68
ATIK ZILZIANA MN 76
CINTA SONIA 84
DHEA TRISNA PUTRI 85
DIMAS SATRIYO ADJI 90
FACHRUL FADLI 79
GHINA WARDAH HP 70
HARIS KHOIRI S 54
M. RIDHO H 84
MAHIRDI LINGGA K 81
MARETA SILVIANA 91
MARISI M.A.J 81
MEGA HINDRAWATI 86
MIRANDA MUGE AISYAH 65
MOH. YUSUF 72
NABILAH FITRI 65
NUR HANIFAH 82
OKTAVIA WAHYU N 77
PUJI HADIANTI ARDHANA 75
REGINA PRAJNAPARAMITA 77
SHYAHRUL IHSYA R 78
WINDA PURNAMA 72
YUANA SYIFA D 82
Kelas : VII E
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
ADE SASKIA PUTRI 74.5
ADHITYA BANGKIT K 92
ALFIN AULIA 79
ANANDA BELLA MAHARANI 92.5
ANGGITA SAFIRA D 74.5
DINDA LOURENSIA H 82
DWIKY PUTRA BAGASKARA 82
HALIMAH FITRY PA 86.5
HIKMAH PRASETYO AJI 89.5
IKA APRILIA S 72.5
JASMINE NUR H 82
KHODADAD A 79
KRESNA ARU WIJAYANDANU 80.5
KRISTA PUTRA P 89.5
MESIASTRI PRISNA I 70
MOH. MIFTA S.N. 92.5
NADHILA NUR A 79
NOVIA PERMATA S 79
NOVIANITA DYAH A 88
PIDA MAHANI 74.5
PUTI ROCHMANINGTYAS 78.5
RISA ARDIA D 80
RIZA SANGGITA SARI 79
RIZKY BINAR P 68
ROSALIA CLAUDIA LUCVI 77.5
WICAKSANA MUHTAR N 70
YEFTA IRGA KRISANDA 75.5
Kelas : VII F
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
ADHENIA AYU K 89
ADHY PRIHATMIKO W 90
AINNATUL M 68.5
AKBAR WAHYU P 82
ANDIKA SIGIT H 83
ASKA ZAKIYA 77.5
CINDY EKLESIA 75.5
DIAN SATWIKO 65
DINDA VIRGITA F 72.5
DIRGA ARDIAN N 74
HANDY WINALDA 78.5
INDAH PURWANINGRUM 87.5
KURNIA JAYA ANDINI 90.5
LARASATI EKA P.C. 91
LAYLI MUKHARROMAH 78.5
LILLAH ZUHROTUL U 77
M. RIFKY 83
MOH. SAID 72.5
MUHAMMAD FAUZAN 78.5
NOOR FAIZA NZ 89.5
NOVADA INDRA R 89
RASHIV ANKAM H 75.5
RESTI NANDA A 82
RIZKY DINDA SEVITA 74
Rr. ASTRI RATNA I 84.5
WINDA ARIANTI M 71
YUANITA INDAH P 75.5Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-24164538446131838652010-10-24T19:49:00.001-07:002010-10-24T19:49:42.665-07:00Nilai Ulangan Tengah Semester Gasal Tahun Pelajaran 2010/2011 Bahasa JawaNilai Ulangan Tengah Semester Bahasa Jawa
Kelas : VII C
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
ACHMAD FATICH F 93.5
ADE KARTIKA PUTRI 83.5
AGUSTIN RESTIKA P 83.5
ALFIAN AULIA F 63
ANISYA AYU PUSPITASARI 74.5
BINDA OCTA ROSE P 86.5
BRILLIANI AYU ARIANITA 63
CINDIKA APRILIA MUKTI 62
DANANG ANANDYA 62
DHOUFA NAUVAL B A 56
DOZY ARTI INSANI 89.5
FAHRUR RIZAL AHMAD 66.5
FANNY RISCA WIJAYANTI 68
FIERZA A PRAWESTI 63.5
KUSUMANING DYAH P 77
MONIKA NOVIANA OFI P 66.5
MUHAMMAD ZAKARIA Y 68
NIGMA NUGRAHA 80
NOVI RATNA C 72.5
RAGIL ANANDA N 65
RAHMAN WIJAYA 68
RAIHAN ABIREGA FAGI 58.5
REZA ARMANDA Y 93
RIZKI SISWO BP 57
RUSENDA PUSPARENI 78
RUSENDA PUSPARANI 81Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-74572741116003781972010-10-24T19:34:00.000-07:002010-10-24T19:34:07.070-07:00Nilai Ulangan Tengah Semester Gasal Tahun Pelajaran 2010/2011 Bahasa JawaNilai Ulangan Tengah Semester Bahasa Jawa
Kelas : VII B
Skor Nilai : Jumlah jawaban benar romawi satu dikalikan 1,5 ditambah nilai romawi dua
ALDA OKTAVIANI 74
ALFINA WIDISEPTIA ARTA M 85
ALIFIAN WISNU REZKA H 81
ALMEYDA TARA NABILLA 80
ANDHIKA HERFIA P 62
ANINDYA ANDRIA P 69
BRILIANI LAKSMITA 73
CANDRA KUSUMA 65
DHIMAS ADITYA P 66
DINI MARZHA A. 77
FAHRIZAL HENDRA N 74
HAFIZH ALFUNNI'AM 75
HERMAWAN ADI PRASETYO 76
IDHA KENCANA SARI 69
ILHAM DARY ATHALLAH 78
INNEKE INTANIA 83
JANIAR ARSYADDILAH LINTANG 69
MUHAMMAD FAHRI REZI R 54
NADILLA SHOFA FIRDAUS 77
NAUFAL FATIH W 74
NUR FITRIA ZAHRA 80
PADINA MAHARDIKA 74
RICHARD WIJAYA 64
RISTIA NUR HARIZA 93
SALSABILA DARIN W 74
SINTIA RISKI A 87
SONYA DELLANIA R 86
WINARCI PUJI L 90Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-87876292722675489012010-10-04T21:21:00.003-07:002010-10-04T21:21:51.009-07:00DongengASAL MULANE DESA SUKOLILO
(Ki Ageng Giring)
Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati, ana gegayutane karo legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan lagi goleki kakang seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon ana ing Dukuh Garengan Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring ning omahe merga nembe wae macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng Giring.
Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan, dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali yen durung pethuk karo kakang seperguruane.
Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga saking ngelakke Ki Ageng gelem nrima degan mau banjur diombe.
Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan, raine katon abang mbranang merga ngerti yen degane diombe adhi seperguruane. Dhewekke nesu marang Nyai Ageng. Nyai Ageng banjur sujud njaluk ngapura merga klalen apa sing wis dipesenke Ki Ageng Giring yen degan kuwi mau ora oleh diombe sapa-sapa.
Ki Ageng pemanahan golek akal piye bisane amarah Ki Ageng Giring suda merga perkara degan sing wis kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan krasa salah banget lan njaluk ngapura karo Ki Ageng Giring merga wis wani-wani ngombe degan mau.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.
Sedurunge pisah karo kakang seperguruane Ki Ageng Pemanahan njaluk ngapura yen ana tingkahe sing bisa gawe lara ati Ki Ageng Giring, kabeh lelakon sing wis kebanjur kedaden magepokan karo degan sing wis diombe banyune, dhewekke ya ora ngerti, sak sukolilone Ki Ageng Giring dhewekke njaluk ngapura marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan saenggo tembung sukolilo pungkasane dadi jeneng kademangan Sukolilo, lan saya suwe merga anane perkembangan, jeneng Kademangan diganti dadi Pemerintahan desa sing diwenehi jeneng desa Sukolilo nganti seprene.
Nama : Dyah Puspa Sadanti
No : 8
Kelas : IX ENyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-17603000014559305342010-10-01T21:02:00.001-07:002010-10-01T21:02:55.847-07:00Crita Rakyat PatiASAL MULANE DESA SUKOLILO
(Ki Ageng Giring)
Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati, ana gegayutane karo legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan lagi goleki kakang seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon ana ing Dukuh Garengan Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring ning omahe merga nembe wae macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng Giring.
Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan, dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang omahe.
Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali yen durung pethuk karo kakang seperguruane.
Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga saking ngelakke Ki Ageng gelem nrima degan mau banjur diombe.
Let sedela Ki Ageng teka saka tegalan, raine katon abang mbranang merga ngerti yen degane diombe adhi seperguruane. Dhewekke nesu marang Nyai Ageng. Nyai Ageng banjur sujud njaluk ngapura merga klalen apa sing wis dipesenke Ki Ageng Giring yen degan kuwi mau ora oleh diombe sapa-sapa.
Ki Ageng pemanahan golek akal piye bisane amarah Ki Ageng Giring suda merga perkara degan sing wis kebanjur diombe. Ki Ageng Pemanhan krasa salah banget lan njaluk ngapura karo Ki Ageng Giring merga wis wani-wani ngombe degan mau.
Sawise amarahe Ki Ageng suda, Ki Ageng Paemanahan pamitan arep bali lan nalika kuwi dhewekke diterke Ki Ageng Giring nganti tekan Talang Tumenggung merga Ki Ageng Giring mung bisa ngaterke mnganti tekan kono.
Sedurunge pisah karo kakang seperguruane Ki Ageng Pemanahan njaluk ngapura yen ana tingkahe sing bisa gawe lara ati Ki Ageng Giring, kabeh lelakon sing wis kebanjur kedaden magepokan karo degan sing wis diombe banyune, dhewekke ya ora ngerti, sak sukolilone Ki Ageng Giring dhewekke njaluk ngapura marang Ki Ageng Giring.
Lokasi Talang Tumenggung kuwi dadi saksi pangucape Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan saenggo tembung sukolilo pungkasane dadi jeneng kademangan Sukolilo, lan saya suwe merga anane perkembangan, jeneng Kademangan diganti dadi Pemerintahan desa sing diwenehi jeneng desa Sukolilo nganti seprene.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-26801896296768162222010-09-28T23:10:00.000-07:002010-09-28T23:10:38.402-07:00Tuladha Layang LelayuPENGETAN
Sampun kapundhut wangsul ing pangayunnaning Pangeran, Ibu kula Rr. Mintarsih mboten langkung nyuwun tambahing pandonga, mugi – mugi alusipun Ibu katanipiyo kanthi sukarena dening Pangeran, kaparingana pangapunten saday dosanipun. Kapapana ing panggenan ingkang prayogi.
Pati, 18 Agustus 2009
SugiyonoNyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com3tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-65813572303221682402010-09-27T20:40:00.000-07:002010-09-27T20:40:57.487-07:00Tugas Basa Jawa Kelas VII A - VII FUnggah - Ungguh Basa Jawa
Gawe Ukara mawa Basa Jawa Krama Alus
Gawea ukara mawa basa Jawa Krama Alus saka tembung-tembung krama kang wis kok tulis rikala anggonmu ngrungokna wayang wong ing kelas?
Yen ukara kang kogawe akeh bijine sadhuwure KKM dene mung setitik ora bakal antuk biji, merga gawe ukara ora kena padha karo kanca-kancane ( aja copy paste ) mesthi konangan !
Yen wis dadi banjur diposting ing alamat blog-e dhewe-dhewe / seminggu sakwise pelajaran Basa Jawa !
Alamat blog kudu wis diaturake ketua kelas sadurunge seminggu !
Pati, 28 September 2010
Guru Mata Pelajaran,
ttd
Nyamat, S.Pd., M.Pd.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com1tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-70030760519408412052010-09-22T22:44:00.000-07:002010-09-22T22:44:28.153-07:00Tuladha Wacan Basa JawaUpacara Kawiwitan
Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-18558767731434804002010-09-21T19:16:00.000-07:002010-09-21T19:16:24.098-07:00Tuladha Pawarta Basa jawaGONJANG-GANJING ING KPK
Sapa ta sing durung ngerti Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK)? Mesthi meh saben wong, apa maneh sing saben dina nyimak liwat koran, tivi, lan internet wis ngerti marang KPK. Lembaga kang digawe sawise anane reformasi iki pancen dadi gawe mirisi para koruptor. Ora sethithik wong-wong saka kalangan ngendi wae klebu birokrat kang kena sandhungane KPK, kayata bupati, gubernur, kejaksaan, menteri, DPR. Malah besane presidhen SBY wae nganti keok ing tangane KPK gara-gara konangan anggone korupsi.
Pancen sawise anane lembaga KPK, akeh rekadaya kanggo mbiri tugas lan wewenange KPK. Klebu kasus-kasus sing saiki lagi diadhepi dening para panggedhening KPK, iku bisa uga minangka cara kanggo mbesmi supaya KPK ora keblabasen anggone mbrastha wong-wong sing nindakake korupsi. Pimpinan KPK digoleki kaluputane. Yen wis padha kejeblos ing pakunjaran, mesthi wae para koruptor seneng, amarga tumindake ora bakal konangan maneh dening KPK.
Kedadeyan ing minggu-minggu iki kang ngabarake perange antarane KPK mungsuh penegak hukum (kapolisen lan kejaksaan) pancen entuk kawigaten gedhe dening rakyat Indonesia. Rakyat Indonesia rumangka ora trima nalika para pimpinan KPK dituduh gawe kaluputan lan ditangkep dening kapulisen, kejaba yen pancen luput. Mulane presidhen banjur mudhun lan kepengin ngrampungake masalah iki kanthi gawe tim independen. Ing kasunyatane pancen durung ana bukti kuwat kanggo njiret kaluputane para pimpinan KPK, khususe Chandra lan Bibit. Ngono sing dikandhakake dening tim 8 kang digawe dening presidhen. Muga-muga wae, pancen kekarone ora luput lan bisa tugas maneh njiret wong-wong sing gawe rugine negara. Sasuwene birokrat akeh sing isih kena korupsi, ora bakal rakyate urip kepenak lan makmur, amarga dhuwite entek dipangan dening para koruptor.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-69274588763265802272010-02-17T17:16:00.000-08:002010-02-17T17:16:13.026-08:00Latin saka tulisan Aksara Jawa LKS kls VIII kaca 18 lan 21Nonton Wayang
Umurku durung dewasa, nanging aku seneng nonton wayang kaya bapaku. Nalika ing simpang lima Pati ana wayang aku ora ketinggalan mesthi nonton. Aku teka ing simpang lima jam sanga bengi, wayange durung diwiwiti. Aku lan bapakku milih panggonan sing paling ngarep, kaya tamu undangan wae, ngono batinku. Wayang wis ditata rapi, diurutake saka sing paling gedhe ing kiwa lan tengene layar. Sing arep nabuh gamelan uga wis siyaga. Ora suwe sing ngacarani banjur ngendika menawa wayang enggal arep kawiwitan. Lakone kanthi judul Bima Suci dalange Ki Mantep Sudarsono. Ora suwe wayange banjur diwiwiti. Aku rumangsa seneng banget dene ing jaman kaya ngene isih duwe kabudhayan Jawa kang luhur. Muga-muga wayang tansah bisa lestari lan bisa tansah disenengi dening para kaum mudha.
Brubuh Ngalengka
Prabu Dasamuka utawa Rahwana ratu buta ing Ngalengka, minangka raja kang sugih raja brana tur ambeg angkara. Prabu Dasamuka nalika iku dusta Dewi Sinta putri Mantili garwane Prabu Ramawijaya. Prabu Ramawijaya arep njaluk bali garwane, mula perang wadyabala Ngalengka campuh karo wadya balane Prabu rama ora bisa kapenggak. Bathara Wisnu kang pancen kautus para dewa supaya brantas angkarane Prabu Dasamuka dibantu para wanara kang dipandhegani dening Prabu Sugriwa. Kehing pepati ora kena diwilang. Nalika iku prajurit lan senopatine Ngalengka padha mati kabeh. Prabu Dasamuka sungkawa lan banjur nimbali para ahli nujum kepriye mungguh apikke ngadhepi kahananne ya mungkono. Miturut ahli nujum Ngalengkabakal unggul perang menawa sang prabu karsa ngadhepi prabu Rama. Sang Prabu Dasamuka dhewe sing maju ing Palagan .Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com3tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-1307796123574628342010-02-09T19:49:00.001-08:002010-02-09T19:49:59.826-08:00Tulisan Aksara Jawa LKS VIII kaca 10?ffitmusi=vene=z[k.
?tum][p[w=ojw,ked[yohanÑ|wipdk[ronmPxjeki.mul[ynHntmu[aotaua=zLi/wkH[kgupuh,lu=guh,lnSuguh.spw[a[ynKed[yohanMesQigupuh[ao[lh[aamB[gkH[ktmu[n,ztu/riX=gh,terusG[w[wf=k=[gosuguhan\,me/gan[npku/mtTnMaumul[w=osi=mrd[yohkufuze/titaufiri,ffiytmusi=becik\,ajske[pn[k[d[w,ajg[wgel[nsi=fit[monNi,lnBisavene=z[ksi=fu[w[aomh.apw[asi=pe/lufig[tkK[k[ynMrd[yoh.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-74552389608672763702010-01-25T20:41:00.001-08:002010-01-25T20:41:42.826-08:00Tuladha paragraf mawa aksara Jawa?[asuaikipais=MktSe[kolhknQibuzhati[n,[d[w[kbx=k[roknCknC[n.nliktekn\zxpFle[mpkHripeKtemukvC[njene=[z[k+oairul\,[k+oairulKnDk[rozeliz[k[ynFinaikikufuazGwbersHutwfuwitK=[GoamBy/j+ktP+it]h.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-70282011011791849522010-01-13T17:06:00.001-08:002010-01-13T17:06:24.721-08:00Tugas Siswa Kls VIII B, C, lan D SMP N 3 PatiTugas Basa Jawa Kls VIII RSBI
Januari 2010
Coba tulisen isi pidatone Bapak Joko Wahyudi lurah ing Condhongcatur ?
Cengkorongan:
1. Pambuka
• Salam
• Pakurmatan
• Muji sukur marang Gusti Allah
2. Isi / surasa
Sapa sing pidato, minangka apa, lan ana ing acara apa
3. Panutup
• Dudutan (simpulan)
• Pesen (kesan & pesan)
• Nyuwun pangapura
• SalamNyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-2743071559950832152009-11-18T20:07:00.000-08:002009-11-18T20:07:37.436-08:00Pawarta Basa Jawi GONDORUWO NYEKEL MALING
Kabar saka Kualalumpur : Ana maling sing lagi mbobol toko ditemokake sekarat ing jero toko. Wis watara telung dina maling mau ora bisa metu, ora mangan lan ora ngombe. Nalika ditakoni dheweke ngandhakake menawa maling mau ditawan dening gendruwo.
Wakil Kepala Kepolisian Malaysia ngandhakake yen si maling apes mau dipergoki dhewe dening sing duwe toko, sing ditinggal mudhik nalika lebaran Idhul Adha. Jalaran mesakake, banjur diundangake ambulans digawa menyang rumah sakit.
Associated Press ngandhakake yen si maling bola-bali nyoba metu saka toko, nanging tetep ora bisa. Jalaran ana gendruwo sing ndhusur-ndhusurake menyang lemah. Wusanane maling sing umure 36 taun iku wurung lan kaliren jalaran telung dina telung bengi ora mangan lan ora ngombe.
"Saben arep mlayu, rumangsaku ana gendruwo sing njongkrakake aku", kandhane maling mau marang polisi.
Saiki dheweke dirawat ing Rumah sakit Kemaman Hospital kanggo mulihake awake.
Piye ca, yen gondoruwo sa donya iki atine apik kaya mengkono mesthi ora bakal ana maling !
(JP, Minggu 14 Desember 2008)Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-57338998908103655452009-11-09T18:42:00.000-08:002009-11-09T18:42:21.039-08:00Arane Rimbag Tembung (bentukan kata)B. Bab Rimbag (Kedadosanipun Tembung)
Rimbag jinisipun kathah sanget.
1. Rimbag Tanduk:
punika tembung ingkang angsal ater ater anuswara (suwara
irung): m, ng, n, ny.
Rimbag Tanduk wonten 3 warni:
a. Tanduk Kriya Wantah:
balang – mbalang, gambar – nggambar.
b. Tanduk i kriya:
jaluk – njaluki
tulis – nulisi
c. Tanduk ké kriya:
tuku – nukokaké,
sapu – nyapokaké.
Cathetan:
tuku – nuku,
sapu – nyapu
Menawi aksara wiwitaning tembung dados setunggal
kaliyan ater ater anuswara dipun wastani luluh.
Caranipun Ngudhal Tembung:
Nyaponi : Lingganipun sapu, angsal ater rater : ny, angsal
panambang: i, rimbagipun:
tanduk i kriya.
2. Rimbag tanggap:
Tembung Lingga ingkang ater ater tripurusa (dak, ko, di),
ater ater ka lan seselan in,
Rimbag tanggap kapérang dados 6 warni:
a. tanggap utama purusa tiyang (kapisan)
- tanggap utama purusa wantah: dak jaluk, dak tulis.
- tanggap utama i kriya: dak tukoni, dak pangani
- tanggap utama purusa ké kriya : dak gambaraké, dak
lungguhaké
b. tanggap madyama purusa (tiyang nomer 2)
- tanggap madyama purusa wantah: kojaluk, kotulis
- tanggap madyama purusa i kriya: kotukoni, kopangani
- tanggap madyama purusa ké kriya: kogambaraké,
kolungguhaké
c. tanggap pratama purusa (tiyang nomer 3)
- tanggap pratama purusa wantah : njaluk, ditulis
- tanggap pratama purusa “i” kriya: ditukoni, dipangani
- tanggap pratama purusa “ké” kriya: digambaraké,
dilungguhaké
d. tanggap ka: ater ater ka = di
- tanggap ka wantah: kajaluk, katulis
- tanggap ka “i” kriya: kajalukan = dijaluki – katanduran
ditanduri
- tanggap ka “ké” kriya: kajalukaké, katulisaké
e. tanggap na, wujudipun seselan in, tegesipun = di
- tanggap na wantah: jinaluk, tinulis
- tanggap na “i” kriya: jinalukan = dijaluk,
tinulisan = ditulisi
f. tanggap tarung, tegesipun: pada déné, tulung – tinulung,
obong tingobong.
Cathetan:
Panambang “i” wonten ing tanggpan “ka” lan tanggap
“na” éwah dados “an”
3. Rimbag Bawa:
Rimbag bawa inggih punika tembung lingga ingkang angsal
ater ater: “ké”, “a”, “ma”, “kuma”, “kapi”, lan seselan “um”.
a. bawa “ka”, wujudipun ater ater “ké”, ateges mboten jarag.
- bawa “ka” wantah: kacemplung, kobong saking obong.
- bawa “ka” wisésana: kacemplungan, kobongan.
b. bawa “ha”, wujudipun ater ater “a” lan ater ater “ma”
akalung, akembang, asikil tegesipun nganggo/duwé.
Maguru tegesipun golèk ilmu marang.
c. bawa “ma”, wujudipun seselan “um”: gumantung,
gumagus, dumunung, kumenthus.
d. bawa “kuma”, “kami”, “kapi”, ateges: sing : kumawani,
kamigilan, kapi-lara.
e. bawa “ma” tundha, ateges tansah : turun temurun, gulung
gemulung.
Cathetan:
tembung madukun, maguru, asring dipun anggep bawa
“ma” dupèh ater ateripun “ma”, punika mboten leres,
leresipun bawa “ha”.
Kedah dipun bèntènaken antawisipun tembung:
- ko-obong = tanggap madyama wantah
- ke-obong (kobong) = bawa “ka” wantah
- ka-obong = tanggap “ka” wantah
4. Sananta.
Sananta pandapukipun: dak + tanduk + …. “i” ke dak,
ingkang ateges arep.
a. sananta dak wantah: dak-njaluk = aku arep njaluk.
b. santana dak “i” kriya: dak-njaluki = aku arep njaluki.
c. santana dak “ké” kriya:
dak-nukokaké = aku arep nukokaké.
d. wonten malih sananta dak lan di ingkang ateges arep.
sing: dak sregep, dak meneng, ditaberi, diprayitna.
5. Tandang.
Tandang pandapukanipun: dak + lingga “é” (ané) “né”
panambang “é” (ané) “né” ateges arep.
a. tandang dak wantah: dak jupuké = arep dak jupuk.
b. tandang “i” kriya: dak jupukané = arep dak jupuki.
c. tandang “ké” kriya: dak jupukné = arep dak jupukaké.
Cathetan:
Sananta lan tandang nggadahi teges arep.
Sananta asalipun saking ukara tanduk manawi tandang
saking ukara tanggap,
Tuladha:
Aku arep nulis layang dhisik – aku dak nulis layang dhisik.
Layangé arep dak tulis dhisik – layang dak tulisé dhisik.
Wonten ing tandang “é” wantah dados “é”
Wonten ing tandang “i” wantah dados “ané”
Wonten ing tandang “aké” wantah dados “né”
6. Sambawa.
Tembung sambawa nggadahi teges: sanajan, pengarep arep.
Upama.
Panambangipun “a”, “ana”, “na”.
Sambawa kapérang:
1. Sambawa saking tanduk:
a. Sambawa tanduk wantah: nggawa, conto: lan tegesipun,
- nggawa dhuwit arep dienggo apa wong ora ana
wong dodol = sanjan.
- mbakyu mbok nggawa lading ya, kena dienggo
ngoncèki tebu = ngarep arep.
- ah, mau nggawaa wacan kena kanggo sambèn ora
ndlongop ngéné iki = sanjan.
b. Sambawa tanduk “i” kriya: njalukana.
c. Sambawa tanduk “ké” kriya: njalukna.
2. Sambawa saking tanggap:
a. Sambawa tanggap wantah : dakgawaa, kogawaa,
digawaa.
b. Sambawa tanggap “i” kriya: dak gawanana, kogawakna,
digawanana.
c. Sambawa tanggap “ké” kriya: dakgawakna, kogawakna,
digawana.
Cathetan:
1. Wantah panambang “a”
2. “i” kriya panambang “i” malih dados “ana”
3. “ké” kriya panambang “aké” malih dados “na”
7. Pakon – Préntah.
Rimbag Pakon kapérang:
1. Pakon tanduk:
a. Pakon tanduk wantah: nggawaa = akon nggawa.
b. Pakon tanduk “i” kriya: nggawanana = akon nggawani.
c. Pakon tanduk “ké” kriya: nggawakna = akon
nggawakaké.
2. Pakon tanggap “ya” pandapukipun: lingga + “é” (an) “na”.
a. Pakon tanggap wantah: gawanen= akon supaya kogawa.
b. Pakon tanggap “i” kriya: gawanana = akon supaya
kogawani.
c. Pakon tanggap “ké” kriya: gawakna = akon supaya
kogawakaké.
Cathetan:
Wonten ing pakon tanduk:
1. Wantah, panambangipun “a”
2. “i” kriya, panambangipun “i”, malih dados “ana”
3. “ké” kriya, panambangipun “aké”, malih dados “na”.
Pandapukipun Sambawa tanduk sami sami kaliyan pakon
tanduk, pramila kedah dipun èngeti tegesipun wonten ing
ukara.
Upaminipun :
- ngGawaa dhuwit wong barangé wis entèk = Sambawa
= sanès préntah.
- sésuk kowé nggawaa buku = pakon.
8. Guna:
Guna inggih tembung tembung ingkang angsal panambang
“en” nggadahi teges nandang, saking lingganipun.
- wudunen, gudigen, singunen.
Kedah dipun bèntenaken tembung tembung: jupuken,
panganen = pakon tanggap
wantah, koroken, duduken = guna.
9. Adiguna:
Pandapukipun: “ke” + lingga + “en”, ateges leluwihan:
kedhuwuren, kebangeten, kabangen.
Bèntenipun: tembung tembung: kecemplung, kecipratan
= wisésa bawa ka.
- kegedhèn, kepinteran = adiguna.
10. Bawa - Wacaka:
Pandapukipun “ka” + lingga + “an”, ateges: nedahaken
panggènan utawi ndapuk tembung aran.
Bawa wacaka mboten ateges ndapuk tembung kriya.
- Kalurahan = panggènan, kabupatèn = panggènan.
- Kausikan = tembang aran, kasugihan = tembung aran
Tembung tembung punika kedah dipun bèntenaken.
- kajalukan = dijaluki, tanggap “i” kriya
- kapinteran = bawa wacaka.
- kecemplungan = wisésana bawa “ka”.
11. Daya Wacaka:
Pandapukipun: “pa” + lingga + “an”, ateges panggènan
utawi mangsa:
- pasuketan, pakuburan, panèn, padusan.
12. Kriya – Wacaka / Karana Wacana.
Pandapukipun : “pe” + tanduk + (“pe + tanduk + “an”)
- penulis = tukang nulis, karana wacaka
- penulisé = carané nulis, karana wacaka
Bèntenipun daya wacaka kaliyan karana wacaka:
daya wacaka saking tembung aran.
karana wacaka saking tembung kriya.
Kedah dipun bèntenaken tembung:
gorèngan = olèh olèhané nggorèng, kaliyan tembung:
penggorèngan = papan kanggo nggorèng.
13. Tembung Rangkep:
Tembung rangkep inggih punika tembung ingkang dipun
ungelaken ambal kaping kalih.
Tembung rangkep wonten 3 warni:
1. Dwilingga: lingganipun dipun rangkep.
a. dwilingga wutuh: bocah bocah, réka réka.
b. dwilingga salin swara ngarep: dhuwat – dhuwit.
c. dwilingga salin swara mburi: jarèn jérèn, téla télé.
d. dwilingga salin swara kabèh: modhang mèdhèng,
gonjang ganjing.
2. Dwipurwa: wanda ingkang wiwitan dipun rangkep:
jejaka, tetuwuhan.
3. Dwiwasana: wanda ingkang wekasan dipun rangkep:
cengèngèsan, cekakaan.
14. Tembung Jamboran (Majemuk).
Tembung jamboran, tembung kalih utawi langkung ingkang
dipun gandhèng dados satunggal.
1. Jamboran wutuh.
Jamboran wutuh wonten 3 golongan:
a. ingkang tegesipun sadrajad: gedhé cilik, boya pakéwuh.
b. tembung ingkang kaping kalih dados katranganipun
tembung ing kapisan: kandhang jaran, jambu wer.
c. tembung ingkang kapisan dados katranganipun tembung
ingkang kaping kalih:
brata yuda, wijaya kusuma.
2. Jamboran tugel: wancahan.
Jamboran tugel tembung kalih ingkang dipun cekak:
- kakkong, dhekwur, kongèl.
Cathetan:
Kedah dipun bèntenaken antawisipun jamboran tugel
kalayan kérata basa.
- kakkong: asalipun saking tungkak bokong.
- dhélik: asalipun saking tembung gedhé cilik.
Jamboran tugel asalipun saking kalih tembung.
Manawi kérata basa asalipun pancèn satembung lajeng
dipun othak athik supados mathuk.
- tembung tebu, dipun othak athik dados manteb ing kalbu.
- tembung kathok, dipun othak athik dados ngangkaté saka
sithok.
Tembung Wancah.
Tembung wancah tembung ingkang dipun cekak.
Warni warnining tembung ingkang dipun wancah:
1. Namanipun laré/tiyang sepuh:
- Mulyana dados Mul utawi Yan.
- Sutana dados Tana utawi Ton.
- Suminah dados Minah utawi Min.
- Pawirareja dados Pawira
- Wangsadimeja dados Sadimeja.
2. Namanipun panggènan:
- Kartasura dados Tasura.
- Imogiri dados Mogiri.
- Boyolali dados Yolali.
3. Wicalan (etungan):
- ji, ro, lu, pat, ma, nem, tu, lu, nga, luh.
4. Tembung krama kawancah dados madya krama.
- punika dados nika.
- mangga dados ngga.
- dhateng dados teng.
5. Tembung jamboran (Jamboran tugel).
- gedhé cilik dados dhélik.
- endhèk lemu dados dhèkmu.
- gedhé bagus dados dhégus.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-77225778923579662172009-11-09T18:35:00.000-08:002009-11-09T18:35:32.376-08:00Imbuhan ing Basa JawaC. Ater ater, panambang, seselan lan tegesipun.
Wisésana inggih punika tembung tembung ingkang angsal panambang "an".
01. Entan éntan kados : gunungan, pasaran, kalèn.
02. Pirantos kanggé : kukusan, garisan, ayakan.
03. Angsal angsalipun : gorèngan, batikan, gawéyan.
04. Mangsa : panèn, padusan, suntikan.
05. Gampil : mutungan, kalahan, getasan.
06. Sami déné nglampahi : salaman, biten guyon.
07. Dolanan : jaranan, pasaran, tangisan.
08. Nganggé : bebedan, sabukan, kelambèn.
09. Nanggap : wayangan, réyogan.
Tegesipun Ater ater Anuswara:
01. Nyambut damel : jenu, macul, medhang.
02. Nganggep : mbapa, ngadi, mbibi.
03. Dados : mbatur, nyantrik, nyudagar, nuwani.
04. Nuju dhateng : minggir, ngulon, munggah.
05. Damel : nggulé, ngabon, nyambel.
06. Nyukani : nyadhong, makani, nyandhangi, nyamaki.
07. Kados : mbodoni, mbisu, ndésani, ngetumbar, mucuk eri.
08. Saben tiyang nampi : niji, ngloro, matang liter.
09. Nambahi : ndhuwuraké, ndawani, nggedhèni.
10. Ngetrapaken : nglambèni, napèni, nyetuti.
11. Saweg wancinipun : mbosoki, ngretegi.
Tegesipun Ater ater Sa:
01. Satunggal = sèket, sakebo, samèter.
02. Sabarang = sakarepé, sawaregé, sasenengé.
03. Nunggil = sabantal, saomah, sakamar.
04. Kalih / karo = salapaké, sauwité.
05. Sami kaliyan = sagunung, sapitik.
06. Ngantos = sabubaré, saénaké.
07. Saben = saasiné, sadinané.
08. Angger = sakoberé, saénaké.
Tegesé Ater ater Pa / Pé:
01. Srana = pasumbang, pangudi.
02. Tukang = pangendhang, padhang, pamomong.
03. Ukuran mangsa = sapenginang.
04. Ukuran panjang, tebih = panjangkah, pandulu, pabalang.
05. Carané / patrapé = panulisé, panggambaré.
06. Panggènan = pakuburan, panepèn, pagadéyan.
07. Mangsa = panèn, padusan.
08. Pirantos = pembesut, penyakit, penulak.
09. Tiyang ingkang dipun = paukuman, panembahan.
Seselan lan Tegesipun:
Seselan namung 4 warni: "er", "el", "um", "in".
- crekot, saking tembung cekot tegesipun pating/pijer.
- trambal, saking tembung tambal, tegesipun pating/kathah.
- dlèwèr, saking tembung dèwèr, tegesipun pating/pijer.
- sliri, saking tembung siri, tegesipun pating.
Seselan "er" lan" "el" wonten ing salebeting tembung, racakipun lajeng dados satunggal kaliyan tembung wau, saéngga lingganipun tembung wau mboten saged cetha.
Déné ingkang saged cetha lingganipun menawi kaseselan "um" lan "in".
01. Tumandang lingganipun tandang tegesipun kriya.
02. Rumujak, lingganipun: rujak, tegesipun: nedheng nedhengipun.
03. Kumaki, lingganipun: kaki, tegesipun: anggepé kaya.
04. Jinambak, lingganipun: jambak, tegesipun: di .............
05. Tinulis, lingganipun: tulis, tegesipun: di ............
Menawi aksara wiwitan tembung wonten "w", "p', "b", lajeng éwah dados "k" utawi "g".
- ayu - kumayu, tegesipun: anggènipun kados .......
- emping - kumemping, tegesipun: saweg eca ecanipun dipun ......
- wasis - kumasis, tegesipun: kados tiyang .......
- pinter - kuminter, tegesipun: kados tiyang ......
- bagus - gumagus, tegesipun: kados tiyang ......
Tegesipun Tembung Dwi Lingga.
01. Naminipun barang : orong orong, alap alap, nget nget.
02. Nglampahi padamelan : omah omah, udan udan.
03. Kathah : gedhé gedhé, jembar jembar, omah omah.
04. Sanget : asin asin, seru seru, gedhé gedhé.
05. Tansah : lali lali, ora ngerti ngerti.
06. Sanajan : alon alon, empuk empuk, anggeré.
07. Mangsa / wanci : bedhug bedhug, soré soré.
08. Saepolipun : dawa dawané, murah murahé.
09. Boten susah : ora isan isin, ora rikah rikuh.
Tegesipun Tembung Tembung Dwipurwa / Dwiwasana.
01. Boten tentu barangipun : tetuku, lelara, gegaman.
02. Nganggé/damel : gegriya.
03. Murugaken : pepeteng, bebungah, lelethek.
04. Pating : cengèngèsan, cekakaan.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-81533565861777426542009-10-29T17:34:00.000-07:002009-10-29T17:34:39.838-07:00Wacan Anyar 30 Oktober 2009
SEKOLAH KANGGO BOCAH “NDHUGAL”
Tinimbang ndelok sinetron perselingkuhan, gossip artis utawa variety show sing mboseni, akhire pindah kanal alternatip. Disamping bisa kanggo ya-megaya, ethok-ethok nglatih kuping krungu basa keju (masiyo mangane ya "uwi mbolo"), jebul akeh piwulang sing bisa dijupuk saka tontonan iku (Nek istilahe bung Harmoko "tontonan yang bisa dijadikan tuntunan") .
Ndilalah nyangkut nang kanal Discovery, kepilut giyaran "Gateway Asia: Brat Academy"... Nek jare aku academy kuwi kok memper IPDN, nanging ing Negara Cina lan gak ana kekejaman senior menyang yunior (miturut penelusuran saka primbon mBah Kyai Google jare filem sejam iku karyane produser lokal Cina, maksude dudu wong bule).
Prologe tayangan mau Negara Cina sing ekonomine maju pesat, nanging kaya umume bangsa sing nembe berkembang, ngadepi masalah sosial sing serius khususe ing kalangan generasi muda Tansaya akeh remaja sing "bermasalah" kaya seneng mabuk, madhat narkoba, ugal-ugalan, meteng di luar ningkah, seks bebas, lan kenakalan liyane.
Ngadepi masalah cah ndugal utawa nek wong Jawa Timur ngarani "arek mbethik" ngono iku sawatara kalangan pendidik nawarake solusi arupa sekolah khusus sing dirancang kaya kamp militer. Teorine nglatih bocah suwene setahunan kanthi disiplin lan kegiatan militer dianggep dadi cara sing manjur kanggo ngajari bocah sing wiwitane "luput suwuk" utawa "kaya gombal lap kompor lenga patra maksude dikumbah ora teles diobong ora murub" bisa duwe rasa disiplin lan gelem tanggung jawab. Sing luwih penting ing tembe mburine dadi uwong dewasa sing berguna kanggo keluarga, lingkungan, masyarakat, bangsa dan negara, lsp.
Jebule sekolah iku ora murah (biayane 35.000 Yuan utawa kira-kira Rp 35 juta-an kanggo setahun), mula sing bisa nglebokne anake ing sekolah iku ya mung keluraga kelas menengah ke atas.
Salah sijine sekolah cah ndugal sing paling ngetop dipimpin dening tokoh kharismatik jenenge pak Xu Xiangyang. Gaya rambute cepak klimis, nek nganggo kacamatane bunder model John Lennon ketok wibawane minangka Kepala Sekolah.
Kurikulume beda karo sekolah biasa, ora ana ruang kelas sinaune ing ndalan. Murid-murid mau dijak konvoi numpak truk militer pindah-pindah tempat, ndelok tempat-tempat bersejarah utawa tempat liyane. Intine bocah-bocah iku dadi adoh saka omah lan pisah karo wong tuwane. Ora mung numpak truk karo mlaku-mlaku thok, tapi kudu mandiri, misale bubar mangan kudu ngisahi piring dewe, ngumbah klambi dewe, nyetrika dewe mberesi tempat tidur dewe. Lucu banget nalika ana sing diajari nglempit klambi wae ora bisa, ketok nek bocah mau ing ngomah ora nate nandangi gaweyan sepele-sepele kaya mau… kan isih bisa kongkonan si Inem... he,he,he...
Mangan lan turune ya ing truk iku. Sing abot ana ritual napak tilas sejarah Cina, yaiku “long march”, saben dina minimal mlaku patangpuluh kilo, sampek sekolahe pak Xu mau dijuluki “Sekolah Mlaku”. Mlaku iku kaya pemanasan merga ana aktivitas liyane kaya outbond utawa kepramukaan yaiku nindakne tugas-tugas sing wis disiapne instruktur…. Jare instrukture, mlaku lan urip bareng kancane mau kanggo ngajari supaya bocah-bocah duwe kesadaran nek arep nggayuh apa wae kudu nganggo usaha lan butuh bantuane wong liya.. gampange ngikis sifat kesèt (malas) lan egois...
Ing tayangan iku ana ilustrasi cewek ABG (14 tahunan) sing mbangkang nekat metu saka sekolah. Disidang karo wong tuwane lan instrukture. Ketok ibune tipe cerewet lan kurang sabaran ngadhepi anake (typical ibu-ibu kali yaaa). Suara hati ABG mau ketoke gak beda karo bocah sak umurane deweke ing sakiwe tengene awak dewe (bisa wae ponakan, tangga utawa malah anak dewe).
Contone:
“Aku kepingin dadi awakku dewe, aku sing tanggung jawab lan milih besuk arep dadi apa”. “Saumpamane aku manut karo ibu, apa ibu njamin nek uripku mbesuk bakal kepenak".
"Apa gunane sekolah, wong ana sing gak sekolah tapi uripe ya kepenak”.
“Wis... aja ngurusi aku, aku iso ngurus awakku dewe” ngono kira-kira (merga omonge basa Cina, bisaku mung maca tulisan.. he,he,he).
Pancen mirip karo dongeng legenda Cino “Na-cha”, bocah pembangkang sing akhire malah dadi penolong wong tuwane, ing tayangan iku akhire si ABG ya gelem sekolah meneh lan sadar menawa sekolah iku penting kanggo masa depane... ketok nganggo seragam militer noleh menyang kamera karo mesem.
“Aku pasrah bongkokan pokoke anakku sampeyan dadekne bocah sing bisa njaga namane wong tuwa” ature si Ibu nalika masrahne anake.
“Tak estokne Bu, anak sampeyan bakal tak jaga lan tak dadekne bocah sing utama” ature pak Xu Xiangyang tegas. tancep kayon.
Tayangan rampung.... nanging isik ana pitakonan sing nggandhul ing pikiranku “Gampang ngapura marang kesalahane bocah, "nguja" utawa nuruti apa wae karepe bocah, malah bisa njlomprongne, merga marahi bocah mung njagakne karo wong tuwane (gak mandiri), ora duwe disiplin, gak duwe rasa tanggung jawab, akhire malah dadi "biang masalah" ing sadhengah papan.
Nanging ngajari disiplin iku apa kudu kaya militer ngono kuwi? Tak kira latihan disiplin pancen penting, nanging perlu diimbangi karo menehi pengertian lan kesadaran. Ngajari supaya bocah nindakne tumindak becik lan ninggalne panggawe ala perlu dibarengi pangerten geneya deweke kudu nindakne iki lan nyangapa deweke gak entuk nindakne iku, kanthi reason sing bisa tinemu nalare bocah. Teori sih gampang.... praktek.... hhuuuangel tenan.Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-3927297332980068132009-08-05T21:12:00.000-07:002009-08-05T21:15:34.891-07:00Tugas kanggo kelas VIII B, C, lan D SMP Negeri 3 PatiTugas kagem siswa-siswa RSBI SMP Negeri 3 Pati wulan Agustus minggu kapindho.
Wacanen kanthi permati wacan “ Nyinau Basa Jawi kanthi Raos Tresna” banjur tulisen nganggo aksara Jawa lan owahana dadi basa Jawa ngoko lugu !Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-70524460857163633402009-08-05T20:58:00.000-07:002009-08-05T21:07:43.312-07:00 Nyinau basa Jawi kanthi raos tresna
Kathah ingkang ngendika bilih basa Jawi menika angel. Malah wonten ugi ingkang kagungan pamanggih manawi nyinau basa Jawi menika langkung angel katandhingaken kaliyan nyinau basa manca. Kamangka ingkang kagungan pamanggih kalawau inggih tiyang asli Jawi. Kadospundi kok saget makaten? Menapa leres basa Jawi menika saestu angel? Ngendikanipun para sepuh, saestunipun basa Jawi menika mboten angel. Menawi kadamel angel inggih lajeng dados angel saestu. Basa Jawi kaanggep angel amargi ing basa Jawi wonten ingkang dipun wastani undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa.
Unggah-ungguhing basa kalawau kaperang dados sekawan. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Saking unggah-ungguh basa cacah sekawan kalawau ingkang kaanggep gampil kiyambak inggih menika ngoko lugu. Basa ngoko lugu kathah dipun-ginakaken ing bebrayan Jawi, dipunginakaken kangge pangandikan tiyang sepuh dhateng tiyang enem utawi lare, ugi kangge gineman lare kaliyan lare, utawi tiyang sepuh dhateng tiyang sepuh ingkang sampun raket srawungipun.
Dene unggah-ungguh basa ingkang kaanggep angel inggih menika basa krama alus, amargi kedah kathah ngapalaken tembung-tembung, mliginipun tembung ingkang kangge ngaosi dhateng tiyang sepuh. Babagan undha-usuk utawi unggah-ungguhing basa ka-lawau tumrap para siswa saget kasinau ing salebeting wucalan basa Jawi ing pawiyatan.
Wiwit wontenipun Keputusan Gubernur Jawi Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngengingi kurikulum basa Jawi, basa Jawi lajeng dados wucalan wajib ingkang dipunparingaken ing pawiyatan-pawiyatan wiwit tataran SD (Sekolah Dasar) ngantos dumugi SMA (Sekolah Menengah Atas).Saderengipun wonten keputusan gubernur kasebat, wucalan basa Jawi namung kangge jangkep-jangkep, namung dipunwucalaken ing tataran SD dumugi SMP. Samenika basa Jawi wiwit pikantuk kalodhangan mirunggan, mugi-mugi kemawon saget njalari basa Jawi dados langkung ngrembaka, mboten ajeg mrihatosaken.
Kathah para nimpuna basa ingkang sami ngendika bilih sejatos-ipun ingkang njalari basa Jawi dados mrihatosaken menika mboten sanes inggih saking tiyang Jawi piyambak. Saperangan ageng tiyang Jawi mboten ngulinakaken mawi basa Jawi ing gesang paditenipun. Pawadanipun bilih basa Jawi mboten praktis, kirang komunikatif, lan sanes-sanesipun. Kasunyatan wekdal menika kathah kulawarga-kulawarga Jawi anggenipun sami nggulawenthah putranipun mboten ngangge basa Jawi. Utaminipun ibu-ibu, sinaosa asli tiyang Jawi, nanging kados-kados sampun sami kesupen dhateng basa Jawi. Kabukten nalika kagungan putra, wiwit lair putranipun sampun dipunkulinak-aken mawi basa Indonesia. Babar pisan mboten dipunkulinakaken micara basa Jawi.
Dados para putra sami mboten dhong dhateng basa Jawi. Menapa malih unggah-ungguhipun. Saperangan ibu-ibu kalawau sami ngendika bilih ing jaman teknologi sarwa majeng menika basa Jawi mboten patos prelu lan malih samenika umumipun sami ngangge basa Indonesia. Pramila pilih ngangge basa Indonesia kemawon ingkang ngendikanipun langkung gampil. Pamanggih kalawau wonten leresipun nanging ugi kathah klentunipun. Sampun dipunmangertosi ing akathah bilih basa Jawi menika mboten namung saget kangge pasrawungan kemawon. Langkung saking menika basa Jawi ugi saget kangge nggulawenthah babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pakerti dhateng para putra.
Kanthi ngulinakaken ngangge basa Jawi, kaajab para putra ka- lawau sageta langkung nggadhahi tatakrama ingkang sae lumantar unggah-ungguhing basa. Basa Jawi menika tetep nggadhahi kesaenan menawi katandhingaken kaliyan basa sanesipun. Matur nuwun
Minangka tuladha, kula nate maos satunggaling rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, ingkang nyebataken bilih tembung-tembung ing basa Jawi menika sae-sae. Nembe anggenipun ngucapaken kemawon benten kaliyan tembung-tembung ing basa sanesipun. Upaminipun tembung ”matur nuwun” anggenipun ngucapaken tamtu kanthi sareh. Benten kaliyan anggenipun ngucapaken tembung thank you, terima kasih, kamsia, ingkang saget dipunucapaken kanthi seru utawi sora.Basa Jawi saget dipunsinau mawi cara ingkang warni-warni, kados ingkang taksih tansah kulatindakaken. Cara-cara kalawau upaminipun, saget sinau lumantar buku-buku basa Jawi ing sekolahan, mligi para siswa, menawi mrangguli bab-bab ingkang mboten cetha kedah wantun nyuwun pirsa dhateng bapa utawi ibu guru basa Jawi.
Kangge ingkang dereng pirsa, kalawarti lan ariwarti basa Jawi menika isinipun werni-werni, wiwit dongeng kangge para putra, kabudayan, kasusastran, dumugi paramasastra sedaya wonten. Kanthi asring maos waosan basa Jawi kalawau mboten kraos seserepan kita bab basa Jawi saget mindhak. Sasampunipun remen maos, menawi manggihaken bab-bab ingkang kirang cetha, saget nyuwun pirsa dhateng para sesepuh ingkang kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawi, limrahipun para sesepuh kalawau nyata mumpuni saestu. Salajengipun, prekawis kasil lan mboten anggenipun nyinau basa Jawi kalawau gumantung dhateng pribadinipun piyambak-piyambak. Ingkang wigatos ,saderengipun wiwit nyinau basa Jawi langkung rumiyin kedah gadhah niyat ingkang kiyat kanthi dipunlandhesi raos tresna dhateng basa Jawi.Nindakaken pedamelan menapa kemawon menawi dipun landhesi raos tresna limrahipun tamtu badhe nuwuhaken asil ingkang sae lan ngremenaken. Langkung prayogi minangka tiyang ingkang sampun kinodrat dados tiyang Jawi sumangga sami nggadhahi raos tresna dhateng basa Jawi. Sinten malih ingkang kedah nresnani menawi mboten tiyang Jawi piyambak. Inggih kula kaliyan panjenengan sadaya.
::Setiyaningsih SPd MPd, guru ing SMP Negeri 11 Solo.::
Tags: bahasa jawa
Prev: Tegal Kurusetra papan kanggo metung dosa lan kabecikan Next: Serat Cemporet (Perangan X)Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-67618387865915244512009-07-24T18:04:00.000-07:002009-07-24T18:09:26.095-07:00Tugas Kanggo Siswa-siswa Kelas VIII RSBI SMP 3 PatiTulisen 20 Kadadeyan/ prastawa kang ana gegayudane karo paribasan, beba-san, utawa saloka ana file laktopmu banjo lebokake ana alamat blospot-mu! Delengen limang(5) tuladha ing (Saloka) ngisor iki !
1. Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
2. Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira
bakal kalah prakarane
3. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana
kajibah nggoleki barang kang ilang
4. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
5. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
6. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
7. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
8. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
9. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
10. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
11. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
12. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
13. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
14. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
15. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
16. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
17. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
18. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
19. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
20. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
21. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugi.
22. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur
panguwasane
23. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
24. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
25. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
26. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
27. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
28. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
29. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
30. Asu marani gebug = njarag bebaya
31. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe
panguwasa)
32. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
33. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan
melu tanggung jawab
34. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
35. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
36. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
37. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
38. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
39. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
40. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu pialakang luwih saka
ala
41. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
42. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
43. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
44. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
45. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter
tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
46. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dinaBathang lelaku = wong lungan ijen liwat
dalan kang gawat, ngemu baya patiBathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang
gawat, ngemu baya patiBubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
47. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)Buntel kadut, ora kinang ora udut =
wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udutBusuk ketekuk,
pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
48. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
49. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepakeMburu uceng
kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
50. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala
rupane nanging manis bebudene
51. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
52. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih
trengginas
53. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
54. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang
disiriBrekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
55. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
56. •Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe•Carang
canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug•Car-cor kaya kurang
janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisikCathok gawel = seneng cawe-cawe
mesthi ora diajak guneman
57. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
58. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
59. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
60. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
61. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
62. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
63. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asorCocak nguntal elo = wong
tumandang gawe kang ora laras karo kaananeCumbu laler = wong kang teka lunga
pamanggone
64. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti
mati
66. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung
climen wekasan entek wragat akeh
67. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
68. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo
rembuge wong akeh
69. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari
kuwat.
70. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
71. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liyaNyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-34493252733411013712009-07-24T17:31:00.000-07:002009-07-24T17:33:52.553-07:00Saloka
PRASTAWA / KADADEYAN KANG ANA GEGAYUDAN KARO
PARIBASAN/ BEBASAN / SALOKA
Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Pak Siswanto kuwi piyayine pinter ing samubarang kawruh. Emane Panjenengane durung pirsa carane ngakses internet. Mangka putrane sing asmane Bayu kuwi dadi operator ana ing sawijing warnet ing Plangitan. Nanging Pak Siswanto ora isin mundhut pirsa marang putrane kepriye carane donwload, chating, ngeblog lsp. Bab kawruh internet.
Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
Tanggaku wingi bali saka Arab Saudi dadi TKI, mangka olehe tindak kuwi udakara wis ana 24 taun. Yen digagas bener ngendikane piyaye sepuh kuwi. Sak adoh-adohe wong lelungan mesthi bakal bali nyang kampunge.
Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
Bocah kok ceguk aten ngono. Wong olehe nggarap Matematika durung rampung, bareng diisin-isin kancane kok ora dirampungake. Malah wadul marang wong tuwane yen deweke lagi dikrubut kanca-kancane. Gaweyan durung ditandangi kok wis ditinggalake.
Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
Bocah kok ngisin-ngisini ngono. Apa ora takon-takon karo kancane yen pranatan (aturan) ing SMP 3 Pati kuwi yen lagi pelajaran ora pareng dolanan game apamaneh on line nganggo internet. Ati-ati lho bisa-bisa laktop-mu bisa disuwun petugas BK lho.
Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
Kowe kuwi bisa apa ora nggarap soal-soal kuwi. Jare wingi kowe ngomong yen bisa. Wah bener kowe kuwi akeh ngomong nanging ora ana kasunyatane.
Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-2799901392256799012009-07-24T17:29:00.000-07:002009-07-24T17:30:19.919-07:00Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-19228486677750851352009-04-03T01:42:00.000-07:002009-04-03T01:51:26.597-07:00Pawarta Basa JawaMACA PAWARTA
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra
berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar : Membaca berita
Maca saking pawarta Televisi
Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.
Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :
1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
4. Pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres
Tuladha Pawarta Televisi
Teks Pawarta; Jogja TV
Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.
Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.
Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.
Teks Pawarta; TVRI JogjaNyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com1tag:blogger.com,1999:blog-8138164661945035038.post-79865200908003359212009-03-23T18:18:00.000-07:002009-03-23T18:24:03.201-07:00ADEGAN ING RAMAYANA
Serat Tripama <o:p></o:p>
Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV<o:p></o:p>
<o:p> </o:p>
Dhandhanggula.<o:p></o:p>
1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.
(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)
Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.<o:p></o:p>
Nyamat, M. Pd. http://www.blogger.com/profile/13370483417510686367noreply@blogger.com0