Selasa, 28 September 2010

Tuladha Layang Lelayu

PENGETAN
Sampun kapundhut wangsul ing pangayunnaning Pangeran, Ibu kula Rr. Mintarsih mboten langkung nyuwun tambahing pandonga, mugi – mugi alusipun Ibu katanipiyo kanthi sukarena dening Pangeran, kaparingana pangapunten saday dosanipun. Kapapana ing panggenan ingkang prayogi.

Pati, 18 Agustus 2009
Sugiyono

Senin, 27 September 2010

Tugas Basa Jawa Kelas VII A - VII F

Unggah - Ungguh Basa Jawa
Gawe Ukara mawa Basa Jawa Krama Alus

Gawea ukara mawa basa Jawa Krama Alus saka tembung-tembung krama kang wis kok tulis rikala anggonmu ngrungokna wayang wong ing kelas?
Yen ukara kang kogawe akeh bijine sadhuwure KKM dene mung setitik ora bakal antuk biji, merga gawe ukara ora kena padha karo kanca-kancane ( aja copy paste ) mesthi konangan !
Yen wis dadi banjur diposting ing alamat blog-e dhewe-dhewe / seminggu sakwise pelajaran Basa Jawa !
Alamat blog kudu wis diaturake ketua kelas sadurunge seminggu !


Pati, 28 September 2010
Guru Mata Pelajaran,
ttd
Nyamat, S.Pd., M.Pd.

Rabu, 22 September 2010

Tuladha Wacan Basa Jawa

Upacara Kawiwitan

Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

Selasa, 21 September 2010

Tuladha Pawarta Basa jawa

GONJANG-GANJING ING KPK

Sapa ta sing durung ngerti Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK)? Mesthi meh saben wong, apa maneh sing saben dina nyimak liwat koran, tivi, lan internet wis ngerti marang KPK. Lembaga kang digawe sawise anane reformasi iki pancen dadi gawe mirisi para koruptor. Ora sethithik wong-wong saka kalangan ngendi wae klebu birokrat kang kena sandhungane KPK, kayata bupati, gubernur, kejaksaan, menteri, DPR. Malah besane presidhen SBY wae nganti keok ing tangane KPK gara-gara konangan anggone korupsi.

Pancen sawise anane lembaga KPK, akeh rekadaya kanggo mbiri tugas lan wewenange KPK. Klebu kasus-kasus sing saiki lagi diadhepi dening para panggedhening KPK, iku bisa uga minangka cara kanggo mbesmi supaya KPK ora keblabasen anggone mbrastha wong-wong sing nindakake korupsi. Pimpinan KPK digoleki kaluputane. Yen wis padha kejeblos ing pakunjaran, mesthi wae para koruptor seneng, amarga tumindake ora bakal konangan maneh dening KPK.

Kedadeyan ing minggu-minggu iki kang ngabarake perange antarane KPK mungsuh penegak hukum (kapolisen lan kejaksaan) pancen entuk kawigaten gedhe dening rakyat Indonesia. Rakyat Indonesia rumangka ora trima nalika para pimpinan KPK dituduh gawe kaluputan lan ditangkep dening kapulisen, kejaba yen pancen luput. Mulane presidhen banjur mudhun lan kepengin ngrampungake masalah iki kanthi gawe tim independen. Ing kasunyatane pancen durung ana bukti kuwat kanggo njiret kaluputane para pimpinan KPK, khususe Chandra lan Bibit. Ngono sing dikandhakake dening tim 8 kang digawe dening presidhen. Muga-muga wae, pancen kekarone ora luput lan bisa tugas maneh njiret wong-wong sing gawe rugine negara. Sasuwene birokrat akeh sing isih kena korupsi, ora bakal rakyate urip kepenak lan makmur, amarga dhuwite entek dipangan dening para koruptor.